Waosan: Mateus 4 : 12 – 23 | Pamuji: KPJ. 124
Nats: “Banjur padha didhawuhi: “Ayo, padha melua Aku, kowe padha bakal Dakdadekake juru-amek-wong.” Sanalika banjur padha ninggal jalane, ndherekake Gusti Yesus.” (Ayat 19-20)
Wonten unen-unen ingkang mekaten, “Musuh terbesar kita adalah diri kita sendiri.” Tegesipun kamanungsan kita punika asring dados mengsah ingkang kedah kita lawan. Prekawis punika supados kita saged ngendaleni dhiri lan nindakaken gesang ingkang sae. Awit kamanungsan lan hawa nafsu kita punika ingkang asring dados pambengan tumrap kita anggenipun mbabaraken kratoning Allah. Kita saged numpes mengsah saking luar dhiri kita, ananging awrat nglawan mengsah ing sajroning dhiri kita piyambak. Krana punika, kita kedah wantun medal saking zona nyaman kita.
Timbalan dados sakabatipun Gusti Yesus punika kedah saged medal saking zona nyaman, wantun ngadhepi kahanan ingkang asring mboten nentremaken. Semangat ingkang mekaten punika ingkang dipun gadahi para sakabatipun Gusti Yesus. Para sakabat sami dipun ajak ndherek Gusti Yesus srana nilar pakaryanipun minangka juru amek ulam. Dados sakabatipun Gusti Yesus punika mbetahaken tekad kangge nilaraken hawa nepsu kadagingan. Dados juru amek ulam ingkang waunipun nggadahi penghasilan, lajeng pindah dados pandherekipun Gusti Yesus ingkang wantun nanggel sangsara. Ananging para sakabat wau purun nindakaken timbalanipun Gusti punika. Gesang miturut timbalan Gusti Yesus punika ateges purun mratobat nilar gesang ingkang kebak dosa, sarta nindakaken gesang laras kaliyan karsan-Ipun Gusti.
Gesang manut karsanipun Gusti Yesus punika asring karaos awrat, awit kawontenan gesang kita punika taksih kinunjara ing kadagingan utawi kamanungsan kita. Gesang ingkang mburu kadonyan, senadyan punika mboten lepat, ananging bilih raos kadonyan punika ingkang nguwaosi lampah gesang kita, punika ingkang lepat. Tumindak gesang ingkang mekaten ingkang dados pambengan kita gesang miturut karsanipun Gusti. Mangga kita purun nilaraken zona nyaman ingkang dipun kuwaosi bab kadonyan. Kita gesang miturut karsanipun Gusti, satemah kita saged dados sakabat ugi mitranipun Gusti Yesus mbabaraken kratoning Allah ing donya punika. Amin. [BWP].
“Kula sestu ndherek Gusti kang jumeneng Panutan. Tetep setya dugeng janji, tan wigih karibedan.”