Kasisahan kang Njalari Pamratobat Pancaran Air Hidup 25 Januari 2022

25 January 2022

Waosan: 2 Korinta 7: 2 12 | Pamuji: KPJ. 61 : 1 3
Nats:
Sabab kasusahan kang nyondhongi karsaning Allah iku nuwuhake pitobat kang nuntun marang karahayon kang ora gawe getun, nanging kasusahan kang saka jagad iku nuwuhake pati.” (Ayat 10)

Panggulawentah tiyang sepuh dhumateng anakipun punika gadhahi tujuan supados anak punika saged dados anak ingkang mbangun turut dhumateng tiyang sepuhipun, anak ingkang mangertos tata krama, lan anak ingkang sae. Karana punika menawi anak punika lepat, tamtu tiyang sepuhipun badhe paring pepenget utawi paukuman supados anak punika boten ngambali malih tumindakipun ingkang lepat. Kaukum supados anak punika tobat.

Rasul Paulus ing waosan kita punika paring dawuh bilih kasisahan lan pakewed ingkang nyondongi karsanipun Gusti Allah punika njalari pitobat lan nuntun tumuju karahayon (Ay. 10). Awit saking kasisahan lan pakewed punika ingkang njalari warga pasamuan Korinta sami mratobat dhumateng Gusti Allah. Sarana pamratobat punika warga pasamuan Korinta purun ngakeni kalepatan lan dosa-dosanipun wonten ngarsanipun Gusti Allah. Warga pasamuan Korinta ugi purun gesang cunduk kaliyan karsanipun Gusti Allah. Kosokwangsulipun miturut Rasul Paulus kasisahan lan pakewed saking jagad punika nuwuhaken pati (Ayat 10b). Punapa ingkang diaturaken Rasul Paulus punika supados warga pasamuan Korinta boten ajrih ngadepi kasisahan lan pakewed karana nyondongi karsanipun Sang Kristus lan karana Injil.

Minangka umatipun Gusti, gesang ing kasisahan lan pakewed karana nyondongi karsanipun Gusti punika badhe nuwuhaken kebecikan. Kita ingkang purun pamratobat, kaparingan karahayon lan boten badhe damel getun gesang kita. Pramila sumangga kita wantun kakiyatan dhumateng Gusti Allah kangge nanggel kasisahan lan pakewed salebeting gesang kita. Kita tansah dedonga nyuwun kawicaksanan kangge ngadepi sedaya kasisahan lan pakeweding gesang punika. Minangka umatipun Gusti, mangga kita gesang nyondongi karsanipun Sang Kristus ingkang boten damel getun manah kita. Awit ing Sang Kristus wonten kawilujengan lan berkah sanajan kita nandhang kasisahan lan pakewed ing donya. Amin. [NAW].

Wani ngadepi bebaya kang njalari pamratobat lan karahayon karana nyondongi karsanipun Sang Kristus”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak