Ora Giris Tetep Pracaya Renungan Harian 25 Januari 2020

25 January 2020

Waosan  :  Mazmur  27 : 1 – 6    |    Pamuji  : KPJ. 106 : 1, 2  
Nats
: “Sanadyan akeh bala kang ngedegake tarub ngepung aku, atiku ora giris, sanadyan tuwuh peperangan, atiku tetep pracaya”  (Ay. 3)

Salah satunggaling tokoh pandawa, ing pewayangan nggih punika Bima, ugi sinebat Werkudara, dedeg piadeg ipun gagah prakasa, pasuryanipun sangar, piyambakipun gadhah senjata gada ingkang sinebat Rujak pala. Werkudara dados andhalanipun pandawa menawi ngadhepi mengsah ingkang kiyat, lan tangguh. Pramila Werkudara punika mboten nate ajrih anggenipun ngadhepi mengsah, piyambakipun tansah siyaga mbiyantu mbrasta mengsah ingkang tumindak durjana. Werkudara mboten ajrih ngadhepi mengsah ingkang mbebayani tumraping pigesangan wadya balanipun. Kenging menapa Werkudara mboten ajrih? Karana Werkudara gadhah piyandel ingkang dipun cepeng minangka gaman ingkang milujengaken, nggih punika “ gada” ingkang dipun sebat Rujak-pala. Rujak pala punika dados andhalanipun Werkudara kangge ngawonaken mengsah-mengsahipun pandhawa. Dados gaman punika dados andhalanipun Werkudara, ateges ugi dados andhalanipun pandawa, kanthi anggadhahi gaman punika nuwuhaken dadosaken pandawa kendel ngadhepi mengsah-mengsahipun ingkang tumindak durjana.

 Menawi pandhawa lima ngandelaken gegamanipun, ingkang nuwuhaken raos kendel, ngadhepi mengsah ingkang mbebayani gesangipun, mekaten ugi juru Mazmur, boten giris anggenipun ngadhepi mengsah ingkang mbebayani, sanajan kinupeng dening mengsah juru mazmur mboten ajrih. Piyambakipun mboten giris. Kenging menapa juru mazmur mboten ajrih, utawi giris? Menapa juru mazmur punika nggadhahi  gaman ingkang ampuh? Menapa ugi gadah tameng ingkang kiyat sanget? Ndadosaken gesangipun aman, krana kinayoman benteng ingkang kiyat? Lan salajengipun kalis saking sawernining panggodha? Nggih pancen juru Mazmur punika gadhah gaman ingkang kasebat ampuh, nggih menika “kapitadosanipun dhateng Pangeran Yehuwah”.

Sarana kapitadosan ingkang manteb dhateng Gusti Allah, piyambakipun saestu pitados bilih Allah kuwaos mitulungi, ngayomi, ngrimati, lan nganthi gesangipun. Samangke kados pundi kawontenan panjenengan samangke? Menapa kados juru Mazmur, ingkang saestu ngandelaken gesangipun dhumateng Gusti Allah? Menapa taksih mangu-mangu? Menawi panjenengan / kita ngandelaken Gusti Allah, kita boten badhe ajrih lan giris ngadhepi tantanganing gesang! (YK).

“Pracaya kang manteb, ngalahke rasa wedi!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak