Waosan: Markus 8 : 31 – 38 | Pamuji: KPJ. 427 : 1, 2
Nats: “Sumingkira, heh, Iblis, sabab kowe ora mikir apa kang digalih dening Gusti Allah, nanging apa kang dipikir dening manungsa.” (Ayat 33b)
Kriwikan (aliran air yang kecil) dadi grojogan (menjadi air terjun). Sedaya sumber toya ing pagunungan pancen alit, lajeng mili dados kalen, lajeng dados lepen. Menawi sampun tebih saking hilir badhe dados jembar lan nggegirisi, kados bengawan Solo, Brantas, lsp. Punika nggambaraken masalah ingkang alit/sepele menawi dipun umbar badhe dados ageng lan mbebayani.
Petrus nglirwakaken punapa ingkang dipun galih dening Gusti Allah lan namung mikiraken kamanungsanipun piyambak. Petrus kepengin Sang Kristus dados Ratu, sanes dados Abdining Yehuwah ingkang nandhang sangsara kados ingkang kaweca ing Yesaya 53. Petrus siyaga nampi kamulyan ndherek Sang Kristus, ananging mboten siyaga nampi kasangsaranipun Sang Kristus. Gesang Kristen sanes margi ingkang jembar sarta wrata nuju kasugihan lan kasenengan, ananging margi ingkang rumpil, sengkud nyambut damel, aniaya, lan kasangsaran. Sarana punika kita saged fokus ing kasaenanipun Gusti Allah ingkang kersa ngentasaken kita saking sawarnining karibedan.
Gusti Yesus nuju ing kajeng Salib kangge nyampurnakaken pakaryanipun ing bumi. Gusti Yesus maringi motivasi dhateng para sakabat bab katresnan lan tumindak sae. Ndherek Gusti Yesus punika perlu watak andhap-asor, pambudidaya nindakaken karsanipun saben wekdal lan setya senadyan ngadepi awrating gesang lan masa depan ingkang ketingalipun surem. Kabegjan adi gesang nunggil Sang Kristus ngungkuli samukawis kasenenganing jagad, awujud dados muridipun ingkang setya, saged ngendhaleni dhiri, ngaturi papan supados Panjenenganipun ingkang ngereh lan nuntun gesang kita. Panjenenganipun langkung pirsa katimbang kita ing bab ngisi lan enering gesang. Sampun ngantos kita katelasan energi kangge nguber kasenengan kadonyan, kasugihan, status, kekuasaan, lsp, sebab sedaya punika ing pungkasanipun mboten wonten ajinipun. Mangga kita ngupaya karsanipun Gusti Allah langkung penting katimbang kasenengan dhiri kita. Awit ndherek lan ngetut-wingking Gusti Yesus ndadosaken kita mangertos artosipun gesang ingkang kebak karahayon. Amin. [Esha].
“Begja sanyata, gesang neng ndonya, lelados mring Sang Pamarta.”