Waosan: Pangandaring Toret 9: 7 –14 | Pamuji:KPJ. 91 : 1 –3
Nats: “Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang aku, mangkene: Sira ngadegka, dienggal mudhuna, awit bangsanira kang sira entasake saka ing tanah Mesir iku wus nglakoni duraka; enggal temen anggone pada nyleweng saka ing dalan kang wus Sundhawuhake, wus padha gawe sesembahan reca cor-coran.” (Ayat 12)
Nyleweng punika tumindak ingkang nyebal saking margi ingkang sakmestinipun. Menawi sesambetan kaliyan gesang bebarayatan, nyleweng punika ateges boten setya lan tresna malih kaliyan pasanganipun, semah, utawi garwaipun. Mila ing jaman samangke wonten istilah kangge nandhani tiyang bebrayatan ingkang nyleweng, inggih punika PIL (pria idaman lain) lan WIL (wanita idaman lain).
Bangsa Israel minangka umatipun Gusti sampun dipun prasetya supados setya tuhu namung dhumateng Sang Yehuwah. Ananging kados pundi kasunyatanipun? Dipun cariyosaken ing waosan kita, Sang Yehuwah duka (Ay. 7), awit bangsa Israel sampun tumindak nyleweng. Bangsa Israel sampun nyembah reca cor-coran (Ay. 12). Bangsa Israel sampun nebih saking Sang Yehuwah. Kanthi tumindak punika bangsa Israel kasebat bangsa ingkang wangkot (Ay. 13). Tegesipun bangsa Israel sampun boten purun manut lan boten purun manembah Sang Yehuwah. Tumindak nyembah reca cor-coran punika nedahaken bilih bangsa Israel sampun wangkot manahipun. Pramila, Sang Yehuwah ngutus bai Musa kangge ngengetaken bangsa Isarel supados mratobat lan wangsul malih dhumateng Sang Yehuwah ingkang dados sesembahanipun.
Lumantar carios bangsa Israel punika, kita dipun emutaken supados kita boten nyleweng saking iman lan kapitadosan kita dhumateng Gusti Allah sesembahan kita. Mangga kita namung mituhu dhumateng Gusti Allah, sampun ngantos salebeting gesang kita wonten ilah sanes ingkang awujud punapa kemawon. Gusti Allah ngersakaken kita supados setya dhumateng Panjenenganipun. Pangandika-Nipun wonten perangan sedasa prekawis: “Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun. Sira aja gawe reca utawa tetironing apa bae kang ana ing langit dhuwur utawa ing bumi ngisor” (Pangentasan 20:3-4a). Dawuh punika cetha supados kita boten nyleweng, boten nyembah dhateng reca cor-coran kados dene bangsa Israel. Sumangga kita setya lan mituhu dhumateng Gusti Allah Rama sesembahan kita. Amin. [NAW].
“Namung Gusti Allah kang dadi sesembahan kita, mulane aja padha nyleweng lan mangkotake ati kita.”