Sih Rahmat Renungan Harian 25 Februari 2020

25 February 2020

Waosan : Rum 11 : 1 – 6 |  Pamuji  : KPJ. 62 : 1 – 2
Nats
: “Nanging manawa bab iku kalakone awit saka sih rahmat, dadine wis ora merga saka penggawe maneh, sabab yen ora mangkono, kang diarani sih rahmat iku wis dudu sih rahmat maneh” (Ay. 6)

Kawilujengan ingkang kita tampi punika sanes karana patrap gesang kita sae, amal kita kathah, peladosan kita hebat, ananging awit saking sih rahmatipun Allah. Awit saking kanugrahan ingkang sampun dipun paringaken dhumateng kita tiyang dosa lumantar pangorbananipun Gusti Yesus wonten ing redi Golgota. Kita tiyang dosa punika ibaratipun kacemplung wonten ing endhut ingkang lebet tansaya kita obah milujengaken nyawa kita sansaya ambles. Kita saged wilujeng menawi wonten asta ingkang kauluraken lan nulungi kita. Kangge kita asta ingkang kaulungaken punika astanipun Gusti Yesus.

Rasul Paulus wonten ing nats kita dhawuhaken bab sih rahmat lan kawilujengan ingkang sampun dipun tampi. Pancen pawartos rahayu ingkang dipun wartosaken dening rasul Paulus wonten ingkang nampik. Senaosa mekaten punapa Gusti Allah ingkang dipun tampik kalawau ugi nampik  umat pilihanipun? Ing kasunyatanipun mboten. Umat Israel wiwit sakawit dados bangsa ingkang pinilih lan piniji, dipun agem dening Gusti  dados sarana supados bangsa-bangsa sanesipun ugi pikantuk kawilujengan. Dipun gambaraken wonten ing waosan kalawau Rama Abraham dipun leresaken awit saking imanipun sanes saking lampah gesangipun utawi statusipun. Rasul Paulus paring paseksi saged wilujeng awit saking iman lan saking sih rahmatipun Gusti.

Sih rahmat lan kawilujengan sampun kita tampi, lajeng punapa ingkang saged kita aturaken kagem Gusti? Sumangga kita sami nulad lan nuladhani Rasul Paulus, saksampunipun Rasul Paulus mertobat lan nampi Gusti dados juru wilujengipun, Rasul Paulus kersa dipun agem dados pirantosipun, nyebaraken Injilipun Gusti, senaosa ngadepi bebaya pati. Mila sumangga kita purun dipun agem dados pirantosipun Gusti, menapa kita dados pinisepuhipun pasamuan, pamong anak lan remaja, pemuda, wanita, nderek koor, lenggah wonten ing komisi kita lampahi kanthi sukarena, tulus lan ikhlas. Kita pancen mboten nguber ganjaran, awit ganjaran sampun dipun cawisaken dening Gusti. Kita nglampahi sedaya punika awit saos syukur kita ingkang sampun kita tampi awujud kawilujengan wonten ing Sang Kristus. (Jian).

 “Yen kita urip, uripa kang bisa metokake woh”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak