Waosan: Yokanan 1 : 1 – 14 | Pamuji: KPJ. 229
Nats: “Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih rahmat lan kayekten.” (Ayat 14)
Pujian KPJ. 229 Kabingahan Kang Sejati nyerat bilih natal punika nuwuhaken kabingahan. Kabingahan ingkang dipun raosaken dening warga pasamuwan ugi brayat ingkang sami saos sokur karana Gusti Allah karsa rawuh wonten donya dados manungsa. Wonten ing swasana natal punika warga pasamuwan sami ngabekti dhumateng Gusti. Mekaten ugi anggotaning brayat sami nyatunggil ngraosaken kabingahan ingkang ageng. Mila pahargyan natal punika tansah dipun cawisaken lan dipun sambut kanthi manah ingkang kebak sukabingah. Natal salebeting manah sejatinipun dipun raosaken sadaya umat pitados, Gusti Yesus sampun rawuh ing satengah-tengahing donya mbeta kawilujengan kangge para manungsa.
Waosan kita dinten punika nyerat paseksinipun Yokanan bab rawuhing Gusti Yesus ing alam donya. Yokanan nyebataken bilih ing wiwitan mula, Gusti Allah sampun wonten lan manunggil kaliyan Sang Sabda (Ay. 1-2). Sadaya ingkang wonten alam donya punika katitahaken dening Gusti (Ay. 3). Mekatena Sang Sabda punika sampun dados daging sarta wonten ing satengah-tengahing manungsa, inggih punika lumantar miyosipun Gusti Yesus. Gusti Yesus punika miyos sanes karana kekaremaning daging utawi pepenginanipun manungsa nanging karana karsan-Ipun Gusti Allah (Ay. 13). Gusti Yesus punika inggih Gusti Allah piyambak ingkang manjalma dados manungsa.
Nyambeti dinten natal punika, kita sami dipun ajak saos sokur dhumateng Gusti ingkang sampun karsa dados manungsa. Rawuhipun ndadosaken kabingahan kita, awit Panjenenganipun tansah netepi janjin-Ipun dhateng kita. Natal salebeting manah inggih punika kita ngraosaken sih rahmat lan pakaryan agung saking Gusti dhateng kita. Gusti tansah nresnani kita, Emanuel Gusti Allah nunggil kita. Karana punika mangga kita riyadinaken natal punika kanthi memuji lan ngluhuraken asmanipun Gusti. Kita manembah lan ngabekti dhumateng Gusti, namung Gusti kemawon tuking katentreman lan kawilujengan gesang kita. Sugeng natal. Gusti Yesus tansah mberkahi kita sami. Amin. [AR].
“Natal salebeting manah nalika Gusti Yesus jemeneng ratu wonten gesang lan manah kita.”