Punapa Manungsa Saged Memales Sih Kadarmanipun Gusti? Renungan Harian 25 April 2020

25 April 2020

Waosan : Jabur 116 : 1 – 4, 12 – 19 | Pamuji  :  KPJ. 310
Nats
: “Kang dakgawe piwales apa marang Sang Yehuwah, tumrap ing sakehe sih-kadarmane marang aku?” (Ay. 12)

Manungsa punika kasebat makhluk sosial, ingkang boten saged gesang piyambakan.  Manungsa kedah dipun bantu dening tiyang sanes lan paring pambiyantu dhumateng tiyang sanes. Sampun dados kewajiban kita bilih saksampunipun kita nampeni peparing saking tiyang sanes lajeng kita ngaturaken panuwun tumrap punapa ingkang sampun kita tampi saking tiyang sanes punika. Kagem sakperanganipun tiyang, atur panuwun punika mboten cekap bilih namung kalairaken saking pangucap ing pitembungan, ananging kedah dipunwujudaken kanthi paring barang, paring pambiyantu pikiran lan tenaga ingkang kaukur sami imbang kaliyan punapa ingkang sampun dipun tampi saking tiyang sanes.

Kawontenan ingkang kados mekaten kalawau, punapa saged kita papanaken wonten ing babagan iman kapitadosan kita dhumateng Gusti? Wangsulanipun, saged inggih lan saged boten. Kita saged mapanaken dhiri dados tiyang ingkang kebak kaliyan pangucap sokur lan panuwun, awit kita sampun kaparingan mawarni-warni berkah peparingipun Gusti. Lajeng kita saged ugi ngupadi memales dhumateng Gusti punapa ingkang sampun kita tampi tumrap peparingipun kanthi kita misungsungaken barang, tenaga, pikiran lan pigesangan kita. Ananging kita boten saged nggadahi pemanggih bilih kita saged memales berkahipun Gusti tumrap gesang kita kanthi wewales ingkang imbang. Berkah lan kadarmanipun Gusti punika kalangkung ageng, boten wonten satunggal tiyang kemawon ingkang saged paring piwales tumrap kamirahanipun Gusti.

Prabu Dawud nggadahi pitakenan: “Kang dakgawe piwales apa marang Sang Yehuwah, tumrap ing sakehe sih-kadarmane marang aku?” (ayat 12), mratelakaken bilih piyambakipun saestu ngraosaken berkahipun Gusti punika ageng lan tanpa tetandhingan. Sanaosna sadaya barang darbe kagunganipun Prabu Dawud minangka raja punika dipun pisungsungaken dhumateng Gusti, tetep kemawon boten saged ngimbangi berkah ingkang sampun dipun tampi dening Prabu Dawud. Gusti ingkang sampun myarsakaken suwanten lan panyuwunipun, Gusti paring pangluwaran saking talining pati, Gusti ingkang asih-mirma lan adil, Gusti ingkang ambek welasan, rumeksa marang wong prasaja, lsp. Kawontanan punika ingkang dipun raosaken lan alami dening Prabu Dawud. (OCEP)

 “Ora prelu mikir kepriye anggonmu bisa memales, mung mikira kepriye anggonmu ngaturake panuwun”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak