Kumalungkung Lan Andhap Asor Pancaran Air Hidup 25 Agustus 2023

Waosan: Yeheskiel 31: 15 – 18 | Pamuji: KPJ. 288
Nats: “Para bangsa kang krungu gumebruging ambruke, padha Sun damel gumeter, yaiku ing nalikane Ingsun nglebokake dheweke menyang ing jagading wong mati, lan banjur nunggal kalawan kabeh kang wus padha tumurun ing luwangan kuburan.” (Ayat 16a)

Mbok bilih kita asring mireng tembung “kumalungkung lan andhap asor”. Kalih tembung punika nggadhahi makna ingkang benten, ananging kalih tembung punika mesthi wonten ing sedhengah pigesangan kita saben dinten. Kathah sanget babagan ingkang saged dipun gathukaken kaliyan bab kumalungkung lan andhap asor, antawisipun gegayutan kaliyan kawontenan pribadi  ingkang dipun ukur sacara bandha, pendidikan, jabatan, lan kuwaos, lsp. Ananging menawi kita tingali malih, sadaya ingkang kita tampi punika, punapa karana kakiyatan kita piyambak? Wangsulanipun mesthi boten! Awit sadaya ingkang kita tampi awujud berkah punika peparingipun Gusti Allah. Karana punika, kita pinaringan tanggel jawab kangge ngelola sadayanipun punika.

Waosan sapunika nyariosaken kuwaosipun Gusti Allah ingkang boten wonten tandhinganipun. Prabu Pringon ingkang kagungan kuwasa nalika mrintah Mesir, boten wonten punapa-punapanipun dipun bandingaken kaliyan panguwaosipun Gusti Allah. Nabi Yeheskiel gambaraken kawontenanipun Prabu Pringon punika kados wit-witan ing patamanan Eden. Prabu Pringon ingkang nggadhahi sipat kumlungkung badhe kaukum lan mati. Gusti Allah pirsa sanget, punapa ingkang dados condhonging lampah pigesangan kamanungsan. Pramila ing ayat 16a dipun sebataken bilih ing jagadipun tiyang pejah, manungsa boten nggadhahi daya punapa-punapa kajawi namung kuwaosipun Gusti Allah ingkang tansah lestantun nglangkungi jaman.

Sumangga sapunika kita ngenget malih tugas lan tanggel jawab kita. Menawi kita pinaringan berkah lan tansah kacekapan sadayanipun, punika pinangkanipun saking Gusti Allah. Kita boten saged namung ngandelaken daya kita piyambak, raos-raosipun boten gaduk kaliyan punapa ingkang sampun Gusti Allah rancangaken kangge gesang kita. Sumangga kita milih gesang andhap asor, sampun ngantos kita gesang kumalungkung, karana gesang kita punika namung kagem mujudaken karsan-Ipun Gusti. Amin. [cito].

“Sinten ingkang purun gesang kanthi andhap asor, Gusti bakal nresnani umatiPun.”

 

Bagikan Entri Ini: