Patunggilan Nuwuhaken Berkah Pancaran Air Hidup 25 Agustus 2022

25 August 2022

Waosan: 1 Petrus 3 : 8 – 12 ǀ Pamuji: KPJ. 362
Nats:
“Wasana kowe kabeh padha disaiyeg tunggal rasa, tresna marang para sadulur, ambek welasan, sarta andhap asor.” (Ayat 8)

Pendek kata, semua potensi yang ada di dalam Pasamuwan supaya digugah supaya akhirnya dapat memberikan “sawab” kepada dunia sekitarnya.

Ukara ing nginggil punika perangan saking “Pengumuman No-1/75” ingkang kakintun dening Majelis Agung GKJW kangge sedaya pasamuwan-pasamuan Greja Kristen Jawi Wetan ing sasi Juni 1975. Seratan punika ngrembag babagan Pekan Gerakan Pembangunan Pasamuwan Greja Kristen Jawi Wetan ingkang kalampahan ing sasi Agustus tahun 1975.

Sawab, miturut Baoesastra Djawa (W.J.S. Poerwadarminta, 1939) ateges “daya kang ngolehake berkah.” Kanthi nyerat ukara “sawab” punika wonten pangajeng-ajeng daya paladosanipun greja ingkang dipun tindakaken sageda karaosaken berkahipun. Miturut pengumuman punika, pasamuwan saged nglampahi sawetawis prekawis. Upaminipun dipun serat: majelis pasamuwan ngawontenaken pirembagan kaliyan pejabat pemerintahan, nglampahi paladosan diakonis bidang kesehatan lan kangge para nem-neman sageda diskusi babagan tanggel jawab pemuda. Punjeripun, supados kakiyatan ing pasamuwan saged dados berkah kangge sedaya titah.

Ing waosan dinten punika, Kanthi cetha pasamuwan dipun timbali sageda lumampah nuwuhaken berkah. Salah satunggal prekawis kenging punapa Serat Petrus nyerat babagan punika, amargi kawontenanipun gesang tiyang pitados taksih sekedhik lan asring nampi pacoben maneka warni saking tiyang ing sakkiwa tengenipun. Lan amargi makaten, para tiyang pitados dipun timbali sageda boten bales, nanging sageda nuwuhaken berkah lan kabingahan. Dene patrap ingkang saged dipun lampahi inggih punika mekak ilat, mekak lambe, nyingkiri piala, lan ngupaya katentreman.

Ing dinten-dinten punika taksih kalebet perangan Wulan Pembangunan GKJW mangga kita sami mawas diri. Manawi kaetang, seratan pengumuman taun 1975 ing inggil punika sampun badhe dumugi setengah abad. Pitakenanipun, punapa sawab saking paladosan patunggilan kita sampun karaosaken dening sedaya ing sakkiwa tengen kita? Langkung malih ing kawontenan Propinsi Jawa Timur ingkang majemuk. Dene manawi karaosaken dereng mawujud, punapa kita sumadya mbudidaya kanthi sak estu? Mangga sami kita gatosaken. Amin. [WdK].

“Wekdalipun jumangkah nuwuhaken sawabing patunggilan”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak