Waosan: Yesaya 33 : 10 – 16 | Pujian: KPJ. 138 : 1 – 2
Nats: “Wong kang urip ing sajroning kabeneran, kang tembung-tembunge jujur, kang nampik kauntungan wohing pameresan, kang ngipatake tangane supaya aja nampani besel, kang tutupi kupinge supaya aja krungu rancangan bab ngwutahake getih, kang ngeremake mripate, supaya aja sumurup piala.” (Ayat 15).
Wonten sekawan tembung ingkang lelawanan ing waosan kita, inggih punika: mursid vs mursal; mulang sarak vs murang sarak. Ing pigesangan padintenan sekawan tembung punika asring wonten gesang kita. Sawetawis wekdal kita dados tiyang ingkang mursid lan mulang sarak, sawetawis wekdal sanesipun saged ugi kita dados tiyang ingkang mursal lan murang sarak. Sampun tamtu Gusti ngersakaken kita tansah gesang mursid lan mulang sarak. Tiyang ingkang kawastanan gesang mursid lan mulang sarak punika kados pundi patraping gesangipun?
Ing waosan dinten punika, Gusti Allah midangetaken lan paring wangsulan dhateng pasambating umat Israel. Gusti Allah nindakaken paukuman dhateng tiyang dosa (10-12). Gusti ngersakaken supados umat Israel sami mirengaken punapa ingkang katindakaken dening Gusti (13). Para tiyang dosa ing Sion sami kaget, para tiyang ingkang murtad sami kalimputan ing raos geter (14). Yesaya paring gegambaran para tiyang ing antawisipun umat Allah ingkang badhe uwal saking paukuman latu ingkang langgeng, inggih punika tiyang ingkang gesang mursid ingkang tulus manahipun, ingkang kaanggep leres wonten ing ngarsanipun Gusti.
Tiyang mursid punika kagambaraken tiyang ingkang:
- Ngandika kanthi tulus, tembung-tembungipun jujur tanpa apus-apus.
- Nampik patrap ngupados yatra kanthi cara ingkang boten adil: nampik kauntungan saking meres sesami, boten purun maringi lan nampi besel.
- Nampik patrap ingkang tundhonipun cilakani sesami, boten purun terlibat ing sedaya tumindak awon.
- Nutupi talinganipun lan ngeremaken mripatipun supados boten mireng lan boten ningali bab rancangan lan tumindak awon.
Saiba endahipun menawi kita sedaya sami gesang mursid kados mekaten lan nderek mbangun GKJW ingkang sami kita tresnani. Matemah kita lan GKJW saged ngalami gesang ingkang tentrem, aman, sarta kecekapan. (SS).
“Luwih kajen lan kinurmat dadi rowang gawe tinimbang dadi gawe.”