Waosan : 1 Babad (Tawarikh) 17 : 1 – 15 | Pamuji : KPJ 421
Nats: “Sabanjure Ingsun bakal nyantosakake dheweke ana ing padalemaningSun lan ana ing karajaningSun kanggo ing salawas-lawase, sarta dhampare bakal santosa ing salawas-lawase.” [ayat 14]
Wonten ingkang kasemsem kaliyan Prabu Dawud minangka sumber inspirasi gesangipun. Putra ragil Isai menika kados dipun sisihaken dening kulawarga, kadadosaken juru pangon menda ing ara-ara lan awis-awis saged nedha sesarengan kaliyan bapa-biyung lan sadherek sanesipun. Mbokmenawi kulawarga rumaos lingsem, krana “dedege/ pawakane” benten kaliyan sadherek sanesipun, saged diragukan bibit/ trahipun. Nadyan jinebadan jumeneng raja Israel, prejenganing Dawud taksih kados seniman: mboten kerumat, juru pangon nyandhang harpa, remen nulis lagu, cekelane tepil. Bibar ngawonaken yaksa Goliat, piyambakipun dipunmantu dening Raja Saul, nanging namung sawetawis wekdal. Awit kedah nglembara malih, karana “diarah patine” dening maratsepuh ingkang rumaos disaingi. Ewasamanten Dawud tetep pitados ing Gusti, setya ing marginipun lan ngabekti dhateng Allah ingkang mranata gesangipun. Nalika dados raja Israel piyambakipun nate kecalan putra alit, putrinipun karudapeksa, putranipun sanes badhe nyedani lan nundhung saking kalenggahanipun. Atas sedaya perkawis menika Dawud tetep dados pahlawan Israel, unggul ing paprangan lan kagungan putra, Suleman, ingkang yasa padaleman suci. Sedaya pengalaman iman menika kalairaken ing pandonga ingkang sinebut Jabur. Ing Jabur, Prabu Dawud nglairaken kejujuran, ikhlas, kuwuring ati, lembahing manah, ngoronging nyawa dhateng Allah. Piyambakipun mboten lingsem ngakeni kalepatan, karingkihan, kumandelipun dhateng Gusti. Punapa ingkang dipun alami, dipun raos-raosaken, dados kekidungan elok lan sampurna.
Kita gadhah kidung rohani ingkang elok ing sajroning batin. Swanten kita anggenipun menyanyi saged kepireng blero (fals), gaya kita memuji monoton, ananging menika mboten ndadosaken kita kendel nglairaken pamuji ing ngarsanipun Allah. Awit Panjenenganipun mirsani lampahing gesang kita pindha kidung selaras kaliyan kekidungan swarga. Amin. [Yusak]
“Kekidungan mratelakake agunging katresnan lan pakaryaning Allah.”