Lagu Penyemangat Renungan Harian 24 Mei 2018

24 May 2018

Waosan : Rum 8 : 1-8 I Pamuji : KPK 289
Nats:
“nanging wong kang uripe manut ing Sang Roh, pangangen-angene miturut Sang Roh” (ayat 5b)

Dinten-dinten punika kita sesarengan taksih wonten ing minggu pahargyan tumedhakipun Sang Roh Suci. Manawi kita maos saking Lelakone Para Rasul 2, Petrus dhawuh, dene manungsa saged nampi lan nglampahi timbalan gesang suci menawi purun wangsul dhateng gesang sakmesthinipun, nilar dosa lan ngarah gesang enggal. Kathah prastawa ingkang dados tuladha ngajak kita wangsul  dhateng gesang ingkang sakmesthinipun. Umpaminipun, sasi Mei taun punika genep 20 tahun prastawa Reformasi Indonesia. Reformasi ngajak dhateng tata pemerintahan ingkang sangsaya sae. Makaten ugi taun 2017 kapengker kita sadaya sami mengeti 500 taun Reformasi Gereja. Sadaya punika dados sarana lan pralambang manungsa sami puruna wangsul dhateng Gusti Allah.

Wonten ing buku Kidung Pasamuwan Jawi (KPJ), pengetan Pentakosta kaserat wonten ing pepujian angka 283  dumugi  295. Iba endahipun manawi kita sabrayat saged memuji Gusti sesarengan. Manawi karaosaken kanthi tumemen, pepujian ingkang ngluhuraken Asmanipun Gusti saged dados sarana pandadar manah sarta pamratobat kita piyambak. Prastawa Pentakosta dados sarana timbalan supados enget dhateng kawontenan gesang ingkang kedah suci.

Wonten seratan makaten “ Musik memang media paling efektif untuk menghasilkan energi dan perasaan-perasaan baik (Energi baik dari musik, tirto.id, 13 Agustus 2017)”. Kanthi pamanggih punika sejatosipun kita saged naliti kados pundi gesang kita saksampunipun nampi Roh Suci. Kanthi pepujian lan  musik ingkang kita ungelaken, kita nampi energi, kakiyatan enggal kangge budidaya gesang ingkang sangsaya sae. Pujian (lagu) saged ngeneraken batin lan pamanggih kita supados tansah mbangun turut ing Gusti ugi saged ngraosaken timbalan gesang lan rumaos keduwung. Sadaya punika ngeneraken dhateng gesang ingkang sangsaya leres ing ngarsanipun Gusti.

Mangga, kita miwiti memuji Gusti satunggal lagu saben dinten, tamtu punika saged dados sarana pepenget dhumateng Gusti. Amargi gesang ingkang kebak ing Roh Suci kedah dipun latih, supados saged ngedalaken woh ingkang sae. (WdK)

 „Gusti nengga kita wangsul malih“

Renungan Harian

Renungan Harian Anak