Waosan: Yeremia 33:10-16 | Pamuji: KPK 163
Nats: “Pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, mangkene: Ing tlatah kene, kang wis dadi jugrugan, ora didunungi manungsa lan kewan, tuwin ing sakehing kuthane, bakal ana pangon, kang mlegungake wedhus-wedhuse ana ing kono.” (ayat 12)
Kitab Nabi Yeremia isi kathah pasemon, salah satunggalipun inggih ing waosan kita dinten menika. Ingkang kasebat “Ing tlatah kene, kang wis dadi jugrugan, ora didunungi manungsa lan kewan” menika sejatosipun Kraton Yehuda (Israel sisih kidul) ingkang karemuk dening bangsa Babil. Tlatah menika suwung karana pendhudhukipun kathah ingkang tiwas ing paprangan, dene sanesipun kausung dhateng Babil. Kawontenanipun tamtu mrihatosaken sanget, kebak kasangsaran, pepejah lan panangis kasisahan. Kawontenan mrihatosaken menika kasabaken dening agenging dosa panerakipun bangsa Yehuda dhateng pranatanipun Gusti Allah.
Kaweca bilih kawontenan mrihatosaken menika badhe ewah dados kawontenan ingkang mbingahaken. Mekaten prasetyanipun Allah. “…kuthane …mlegungake wedhus-wedhuse” menika mratandhani wontenipun “panguripan” ing kraton Yehuda ingkang prasasat “pejah”. Para pimpinan lan penduduk kraton Yehuda kawangsulaken malih saking tanah Babil. Ingkang swaunipun kebak kasisahan ewah dados kebak kabingahan. Ewah-ewahan menika kelampahan karana wonten pamratobat ingkang dipun lampahi dening pendhudhuk lan para pimpinanipun umat Yehuda ing tanah Babil.
Mangsa Pra Paskah, langkung-langkung Pekan Suci minggu ngajeng menika, nimbali kita supados mawas dhiri. Kita prelu manggihaken kalepatan-kalepatan kita, tumindak kita ingkang boten prayogi, langkung-langkung dosa kita, menapa malih yen gesang kita kebak kasangsaran lan kasisahan. Kita bucal sedaya patrap awon menika saking gesang kita, ngantos gesang kita kados “suwung”.
Kita pasrahaken gesang kita sawetahipun dhumateng Gusti Allah. Kanthi pamratobat mekaten pakaryanipun Allah badhe kelampahan. Kanthi mekaten gesang kita badhe dipun ewahi dados kebak kabingahan. [st]
“Suwungna uripmu saka sakehing piala, dimen kinebakan kabungahan!”