Waosan: Markus 3:13-19 | Pamuji: KPK. 17
Nats: “Sawise iku Gusti Yesus tumuli minggah ing gunung sarta nimbali sapa wong kang dikersakake lan iya banjur padha sowan ing ngarsane.” (ayat 13)
Papan inggil, kados gunung, asring kaagem dados papan mirunggan. Kathah pasareyan (pakuburan), greja, lsp ingkang mapan ing punthuk (gunung alit). Gunung asring kaanggep dados papan ingkang prayogi kagem pepanggihanipun Gusti kaliyan umatipun. Ing gunung Horeb Gusti Allah nimbali Nabi Musa supados ngluwari umat Israel. Ing gunung Sinai Gusti nimbali Nabi Musa malih maringi pepaken sadasa. Taksih wonten conto-conto sanesipun ingkang nedahaken bilih gunung dados papan ingkang mirunggan.
Ing waosan kita dinten menika kacariyosaken Gusti Yesus tindak minggah ing gunung saperlu pepanggihan kaliyan sawatawis tiyang. Ing papan menika Gusti Yesus netepaken para rasulipun. Wiwitanipun para rasul menika dipun timbali ndherek Panjenenganipun satunggal baka satunggal wonten gisiking seganten. Ing gunung menika Gusti Yesus dhawuh ngutus para rasul mawartosaken Injil sarta paring pangwaos nundhung dhemit.
Cariyos menika nedahaken bilih alam ingkang katitahaken dening Gusti Allah (gunung, seganten lan sanesipun) dados papan anggenipun Gusti nedahaken dhiri minangka Gusti ingkang maha kawasa. Saking alam menika ugi Gusti nedahaken karsanipun milujengaken sagung titahipun (mawartosaken Injil).
Manungsa asring boten ngrumaosi utawi boten nyipati bilih alam menika nedahaken Gusti Allah klayan sedaya pakaryan, pangwaos, katresnan lan karsanipun. Temah lajeng manungsa matrapi alam menika sapikajengipun piyambak, cengkah kaliyan karsanipun Allah, sami ngrisak alam lingkungan ingkang katitahaken endah kawontenanipun.
Minangka titahipun Gusti ingkang sampun kapitulungan rahayu, mangga kita nyipati Gusti Allah kalayan pakaryan, pangwaos, sih katresnan lan karsanipun ing wewujudaning alam sakiwa tengen kita. Kanthi mekaten kita saged nyipati elok, agung lan mulyanipun Gusti Allah, ingkang nuwuhaken raos ayem tentrem ing gesang kita. [st]
“Nyipati Gusti Allah ing alam nuwuhaken raos ayem tentrem.”