Manjing Ajur Ajer Pancaran Air Hidup 23 September 2025

23 September 2025

Waosan: 1 Korinta 9 : 19 – 23  |  Pamuji: KPJ. 452 : 1, 3
Nats: “Samubarang kabeh iku mau daktindakake marga saka Injil, supaya aku melua oleh pandumane.” (Ayat 23)

Tamtunipun panjenengan nate maos lan mireng paribasan, “Di mana langit dijunjung, di sana bumi dipijak.” Paribasan punika minangka ajakan supados tiyang purun ngajeni lan manut miturut tata aturan ingkang wonten ing sakiwa tengenipun. Kanggenipun warga masyrakat Indonesia, paribasan punika mboten namung dados pangertosan kemawon, ananging kados-kados sampun dados prinsipipun gesang saben dinten. Awit lumantar nglampahi gesang kanthi purun ngajeni adat kabudayan sanes ing sakiwa tengenipun, lampahing gesang pasrawungan saged rukun katebihaken saking risiko crah utawi bubrah.

Ing kasunyatanipun tiyang Jawi ugi kagungan paribasan ingkang pangertosanipun memper, inggih punika “Manjing Ajur Ajer.” “Manjing” ateges ngupadi mlebet, “ajur” ateges lebur, “ajer” atages saged dados tiyang ingkang cair kados toya. Sacara jangkep, paribasan kalawau dipun mangertosi bilih sedaya tiyang sami kaajak nggadhahi kapribaden lan nglampahi gesangipun kanthi nyatunggil, saged beradaptasi ing pundi-pundi papan ingkang dipun panggeni. Sanaosa watak, kapribaden, tata cara, lan cara saben tiyang anggenipun nglampahi gesang punika benten, kita kedah dados tiyang ingkang saged ngajeni bab tata caranipun tiyang sanes kalawau. Sampun ngantos, namung karana kita kepengin dipun tepangi dados tiyang ingkang nyeje, kita malah mboten saged dados berkah tumrap tiyang sanes.

Rasul Paulus, wonten ing waosan kita dinten punika paring piwucal supados kita nggadhahi tindhak-tandhuk lan kapribaden purun ngajeni kawontenan tiyang sanes, kados dene ingkang  kagambaraken kalih paribasan ing inggil. Nalika Rasul Paulus nglampahi gesang ing satengah-tengahing tiyang Yahudi, piyambakipun inggih purun ngajeni punapa kemawon ingkang dados adat kabudayanipun tiyang Yahudi. Nalika piyambakipun gesang ing satengah-tengahing tiyang ingkang nandhang karingikihan, piyambakipun ugi purun dados tiyang ingkang ngraosaken karingkihan sesaminipun. Miturut rasul Paulus, kanthi purun nglampahi gesang ingkang kados mekaten, rawuhipun saged dipun tampi tiyang sanes. Kanthi panampi saking tiyang sanes kalawau, piyambakipun saged mbabaraken Injilipun Gusti lan nepangakan Gusti Yesus minangka Juru Wilujeng ingkang Sejati. Amin. [YEP].

“Anglaras Ilining banyu, ngeli ananging ora keli.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak