Waosan: Wulang Bebasan 28 : 3 – 10 ǀ Pamuji: KPJ. 194 : 1, 3
Nats: “Sing sapa nasarake wong jujur marang dalan kang ala, iku bakal kacemplung ing luwangane dhewe, nanging wong kang ora duwe cacad bakal oleh warisan kabegjan.” (Ayat 10)
Wonten pitembungan ingkang mekaten: “Buku kuwi jendelane donya”. Pitembungan punika nggadahi teges kanggene sinten kemawon ingkang remen maos buku, piyambakipun badhe angsal wawasan lan pangertosan ingkang katah. Karana punika, anggenipun kita sinau boten namung kawates sekolah formal kemawon, ananging kita saged sinau sacara mandiri kanthi maos buku punapa kemawon ingkang saged nambah wawasan lan pangertosan kita. Punapa malih ing jaman informasi teknologi (IT) punika, kita saged langkung gampil pados ilmu lan wawasan saking internet. Kita saged manggihaken mawerni-werni buku sae ingkang gratis utawi ingkang mbayar. Ingkang penting kita purun maos buku lan nggadah semangat kangge sinau nambah wawasan lan pangertosan kita.
Kitab Wulang Bebasan punika kawastanan kitab kawicaksanan awit isinipun mawerni-werni piwulang, pepenget, lan pangertosan kangge nglampahi gesang. Kados ing ayat nats kita dinten punika ingkang nyebataken pepenget kanggenipun tiyang ingkang tumindak awon dhateng sesaminipun. Juru Wulang Bebasan nyebataken, “Sing sapa nasarake wong jujur marang dalan kang ala, iku bakal kacemplung ing luwangane dhewe, nanging wong kang ora duwe cacad bakal oleh warisan kabegjan.” Nats punika paring pangertosan kangge kita supados tumindak gesang kita punika boten nyilakani tiyang sanes. Gesang kita kedahipun tansah tumindak bener lan tanpa cacad, awit tiyang ingkang tumindak bener punika bakal nampi kabegjan salebeting gesangipun.
Kitab Suci punika saged dipun sebat dawuh pangandikanipun Gusti Allah ingkang dipun serat dening para abdinipun kangge para manungsa. Saking kitab suci punika kita mangertos punapa ingkang dipun kersaaken Gusti Allah dhateng gesang kita. Sarana maos kitab suci, kita saged manggihaken kabingahan lan kabegjan saking Gusti Allah. Sarana maos kitab suci punika, lampah gesang kita tansah ngarah ing margi ingkang padhang. Kita boten badhe nyilakani tiyang sanes, nanging kita tumindak bener. Bilih buku punika kawastanan “jendela donya”, mangka kitab suci punika kawastanan “jendelaning panguripan.” Sinten kemawon ingkang remen maos kitab suci, piyambakipun boten badhe kesasar. Piyambakipun tansah mangertos karsanipun Gusti lan pikantuk karaharjan. Pramila ing wulan kitab suci punika, mangga kita sedya lan seken maos kitab suci, awit punika Sabda Pangandikanipun Gusti Allah ingkang estu nuntun lampah gesang kita ing donya punika. Amin. [AR].
“Kitab Suci punika sumbering pangertosan lan pepadhanging gesang kita”