Waosan : Lelakone Para Rasul 2 : 14 – 24 | Pamuji : KPJ. 49
Nats: “…, mugi sami nguninganana saha kula aturi midhangetaken …” (Ayat 14)
Manawi wonten tiyang ingkang dumadakan jumeneng ing ngajeng Panjenengan, lajeng kanthi swanten sora ngajak mratobat menggah kalepatan gesang, kados pundi raosing manah panjenengan? Langkung malih punika sanes wekdal pangabekti. Punapa kita purun mawas diri? Utawi tuwuh pamanggih bilih tiyang punika boten gadhah tata krama lan kumawantun ngemutaken gesang kita? Sejatosipun, manawi manah kita tinarbuka, kathah tiyang utawi kawontenan ingkang saged dados sarana mawas diri. Nanging nyatanipun asring kita boten kersa midhangetaken.
Waosan dinten punika nyerat kawontenanipun Petrus sakanca ingkang paring wangsulan kanthi leres lan trep bab wungunipun Gusti Yesus sarta bab tumedhakipun Roh Suci. Sanadyan ta ing ngriku kawontenanipun Petrus saweg boten dipun anggep lan dipun kinten saweg mendem. Petrus boten rumaos minder amargi Petrus sampun nampi Roh Suci ingkang dadosaken watak wantun kangge paring piwucal. Langkung malih manawi sampun dipun kersakanen kaliyan Gusti Allah. Wonten pangertosan enggal, bilih babagan ngeneraken gesang tumuju prekawis ingkang leres, boten namung saged dipun lampahi dening para ahli agama saking Yerusalem kemawon. Saking tlatah tebih, pinggiran Galilea ugi saged. Sejatosipun, manawi kersa para sadherek Yahudi (ay. 14) punika saged nampi piwucal Petrus, ingkang ugi ateges tiyang punika sami ngakeni panuntunipun Roh Suci, nanging boten kalampahan. Puji Gusti, bilih bab punika boten dados alangan kangge nyebar pawartos kabingahan. Gusti Allah saged makarya kanthi maneka warni. Nyata, saklajengipun kita saged manggihaken bilih woh ingkang tuwuh kathah sanget, inggih punika tiyang ingkang mratobat (ay. 37).
Mangga sakpunika Panjenengan ngemut-emut dhateng tiyang ingkang nate dipun anggep langkung asor katimbang Panjenengan. Piwucal punapa ingkang dipun tampi? Manawi wonten, ateges Panjenengan saweg tumuju gesang ingkang purun midhangetaken Sabda ingkang ngajak kita purun mratobat. Sakedhap malih kita badhe mapag Minggu Palmarum lan Pekan Suci, mangga kita sami paring pakurmatan lan nampi tiyang ingkang asring kita anggep awon, minangka duta saking Gusti kangge ngemutaken gesang kita. (WdK)
“… padha mratobata …” (Lukas 3:3)