Waosan: Markus 4 : 35 – 41 | Pamuji: KPJ. 337
Nats: “Banjur padha ninggal wong akeh mau lan mangkat ndherekake Gusti Yesus kang wis nitih prau, bebarengan karo prau-prau liyane.” (Ayat 36)
Kados pundi pemanggihipun para pandherekipun Gusti Yesus ingkang mboten satunggal prau kaliyan Gusti Yesus ing satengah-tengahipun prahara? Kados pundi raosing manahipun para pandherek punika? Karana benten prau, para pandherek punika tamtunipun mboten saged langsung matur dhateng Gusti Yesus nyuwun pitulungan. Mbok manawi namung pasrah kemawon. Wonten pitakenan malih, punapa para sakabat ingkang satunggal prau kaliyan Gusti Yesus ugi gatosaken prau sanes ingkang sami ndherekaken Gusti Yesus?
Ing waosan kita, para sakabat wungukaken Gusti Yesus ingkang sare lajeng nyuwun pitulungan (Ay. 38). Ingkang nyuwun pitulungan punika sakedhik kathah para sakabat ingkang satunggal prau kaliyan Gusti Yesus. Lajeng wonten pundi piwucal Gusti Yesus ingkang dipun mangertosi para sakabat, kedah paring pambiyantu dhateng sesami? Kadosipun muspra. Para sakabat kadosipun namung mikir kangge kawilujenganipun piyambak. Ing ngriki, Gusti Yesus kersa paring pitulungan, prahara punika dipun sirep dados tentrem malih. Gusti Yesus ndukani angin lan sagara, lajeng lerem. Kahanan seganten ingkang lerem punika mboten namung karaosaken lan kandheg kangge para sakabat ingkang satunggal prau kaliyan Gusti Yesus kemawon, nanging tamtunipun ugi karaosaken para pandherekipun Gusti ing prau sanesipun. Gusti Yesus makarya nglangkungi sedaya ingkang dados pamanggihipun para pandherekipun. Punika nedahaken bilih Gusti Yesus mirsani sedaya kawontenan gesangipun manungsa.
Ing kahanan prahara, asring dadosaken kita namung ngupadi rahayu kangge gesang lan badan kita piyambak. Kanca sarencang, paraga sabrayat, rencang sapasamuan saged ugi mboten mlebet ing pemanggih kita. Asring kita gadhah pemanggih: “Aku kudu mukti dhewe, kudu tentrem sanadyan wong liya uripe ora tentrem.” Mangga sageda menawi kita nyenyuwun dhumateng Gusti Yesus, kita nyenyuwun mboten kangge rahayunipun gesang kita piyambak, nanging ugi kangge sedherek sanesipun. Dene manawi kita nate rumaos mboten dados satunggal prau kaliyan Gusti Yesus, sampun kuwatos, Gusti Yesus ugi mirsani lan paring pitulungan dhateng kita. Amin. [WdK].
“Jika Anda ingin berjalan lebih cepat, berjalanlah sendirian; jika Anda ingin berjalan lebih jauh, berjalanlah bersama orang lain.”