Kesupen Renungan Harian 23 Juni 2018

23 June 2018

Waosan : Ayub37 : 1–13 | Pamuji : KPJ.128
Nats:
… supaya kabèh wong nyumurupi pakaryané.”(ay.7b)

Sedaya tiyang tamtu naté kesupèn. Lan naminipun kesupèn punika sanès prekawis ingkang dipun sengaja, ing sa’njawinipun kesadaran. Lha menawi dipun sengaja, punika naminipun nglali, biasanipun kedadosan menawi saweg dipun tagih utang…. Nging senaosa kesupèn punika boten dipun sengaja, ing sa’njawinipun kesadaran, kesupèn saget mbebayani saé tumrap dhiri kita piyambak lan ugi tiyang sanès. Contonipun : kesupèn boten mejahi kompor, saged murugaken kobongan.. kesupèn boten mejahi lampu sen ngiwa, mangka badhé ménggok nengen, saged dadosaken kecelakaan, lsp.

Wosing waosan kita nedahaken bilih rupinipun Ayub prelu dipun èngetaken déning Elihu bilih Gusti Allah punika ngédab-édabi. Awit Gusti Allah punika Mahakuwaos, saged mrantasi sedaya reribeting gesangipun umat. Gusti Allah kagungan rancangan ingkang nuwuhaken tentrem-rahayu. Sedaya dipun tindakaken déning Elihu supados Ayub anggènipun nglampahi gesang ing kasangsaran boten kesupèn sinten Gusti Allah punika.

Sedaya reribeting gesang, punapa malih menawi dados momotan ingkang awrat, jujur kita kedah ngakeni sedaya saged ndadosaken kita kesupèn sinten ta Gusti Allah punika. Malah ugi saged ndadoskaen kita kesupèn babar blas dhumateng Gusti Allah. Mila mangga ing sadhéngah prekawis, kita tansah purun ngudi ngayati lan ngraosaken pakaryanipun Gusti Allah ingkang ngédab-édabi tumrap pigesangan punika. Wiwit enjing tangi saking tilem, ngantos dalu tilem malih, mangga tansaha ngraosaken éloking pakaryanipun Allah. Kanthi mekaten kita tansah ènget sinten ta Gusti Allah punika, sarta tansah ènget dhumateng Panjenenganipun. Awit menawi kita tansah ènget dhumateng Gusti Allah lan pakaryaNipun, mila kita ugi tansah nampi kekiyatan ing anggèn kita nglampahi pigesangan punika senaosa kados pundi kahananipun. Pangènget dhumateng Gusti Allah lan pakaryaNipun, ugi badhé nebihaken gesang kita saking sedaya bilahi….[wn]

Sak begja-begjaning wong kang lali, isih begja wong kang éling lan waspada.”(Jayabaya)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak