Waosan: 1 Samuel 9 : 27 – 10 : 8 | Pamuji: KPJ. 385
Nats: “Samangsa kowe katekan pratandha iki, lakonana apa bae kang tinemu dening tanganmu, amarga Gusti Allah nunggil karo kowe.” (Ayat 7)
Gemati punika salah satunggaling tetembungan ingkang nggambaraken sikepipun manungsa ingkang kebak katresnan, peduli, lan tansah nggatosaken sesaminipun. Tiyang ingkang gemati punika nglampahi gesangipun mboten namung fokus kalih pribadinipun piyambak, ananging sadar bilih gesang punika kelampahan sesarengan kaliyan tiyang sanes. Satemah, piyambakipun saged gemati kaliyan tiyang sanes, langkung-langkung sesami titah-Ipun Gusti. Piyambakipun saged mangun gesang peduli tumrap sesami titahipun Gusti.
Waosan kita dinten punika nyariosaken Samuel ingkang njebadi Saul dados Ratu Israel. Saul dipun jebadi kangge ngluwari bangsa Israel saking ing para mengsahing. Pangurapan punika dados tandha bilih lumantar Samuel, Gusti Allah miji Saul dados Ratuning Israel. Gusti Allah ngersakaken supados Saul punika nglampahi bab-bab ingkang sae lan gemati dhateng bangsa Israel ingkang dados rakyatipun. Ing ngriku, Nabi Samuel atur pitutur dhateng Saul supados nalika piyambakipun mimpin bangsa Israel, piyambakipun saestu nindakaken prekawis ingkang sae kangge Bangsa Israel. Punika ingkang ndadosaken sadayanipun ngalami gesang ingkang sae, aman, lan tentrem (Ay. 6-7). Gusti Allah piyambak ingkang badhe nunggil Saul, anggenipun mimpin bangsa Israel. Punika sanes tanggel jawab ingkang enteng, ananging tanggel jawab ageng lan mboten saged dipun lampahi sacara sembrono.
Kita punika ugi dipun wastani tiyang ingkang dipun jebadi dening Gusti Allah lumantar baptisan. Awit saking punika, kita sami nggadhah timbalan ingkang sami kados Saul, inggih punika nglampahi gesang ingkang sae lan gemati. Gemati mboten namung dhateng sesami kita manungsa kemawon, ananging ugi gemati tumrap titahipun Gusti sanesipun. Sadaya tetuwuhan, sato kewan, lan alam punika kedah kita rimati. Punika ingkang dados timbalan lan tanggel jawab kita, awit sadaya punika wonten ing sakiwatengen kita. Bilih wonten satunggal titah ingkang mboten sae, tamtu titah sanesipun badhe kena pengaruh. Sumangga, kita sami lampahi timbalan kita, kita sedya kangge ngrimati titahipun Gusti wonten ing donya punika. Gusti Yesus tansah ngiyataken kita. Amin. [HADS].
“Gemati kaliyan titahipun Gusti ingkang sampun gemati kaliyan kita.”