Urip Sajroning Rancanganipun Gusti Renungan Harian 23 Januari 2020

23 January 2020

Waosan :  Galatia 1 : 11 – 24 | Pamuji  : KPJ. 104 : 1, 2
Nats
: “Nanging krana sihé, Gusti Allah wis milih aku sadurungé aku lair, lan nimbali aku supaya ngladosi Panjenengané. “ (Ay. 15)

Wonten pelados ing salah satunggaling pasamuwan ingkang nyariosaken lampahing gesangipun rikala semanten. Piyambakipun carios kados pundi kahananipun ingkang nglampahi gesang sak karepe dewe, remen omben, main (judi), lsp. Nanging lumantar pangucap semahipun, ngengetaken lampahipun, “Yen karep sampeyan kaya mengkono, aku njur piye? Sapa kang nuntun aku tepang kaliyan Gusti Yesus?” Mireng sesambatan semahipun, sadherek kalawau milai ngowahi polah gesangipun. Piyambakipun milai purun ngabekti lan salajengipun malah purun dados pelados wonten ing pasamuwan. Punika pengalaman gesang kapitadosan ingkang mboten saged dipunlalekaken. Manungsa tamtu kagungan pengalaman kados pundi Gusti purun campur asta dumateng gesangipun rikala semanten lan gesangipun samangke.

Mekaten ugi, pengalaman kapitadosan ingkang kalampahan wonten ing pigesanganipun Paulus. Rumiyin Paulus sami nguya – uya panderekipun Gusti, lan merjaya para pandherekipun Gusti. Kamangka piyambakipun sami ngugemi bab ukum Toret. Ananging karana rancanganipun Gusti Allah piyambak, nalika Paulus sami tumuju wonten Damsyik, gesangipun sami ngalami ewah – ewahan lan ndadosaken giyating Paulus anggenipun sami mawartosaken kabar kabingahan lan kawilujengan. Pengalaman kapitadosan kang dipun kantheni kaliyan ewah – ewahaning gesang sami dipun akeni kaliyan Rasul Paulus kados wonten ing seratan “Nanging krana sihé, Gusti Allah wis milih aku sadurungé aku lair, lan nimbali aku supaya ngladosi Panjenengané.” (ayat 15). Paulus ngrumaosi bilih sedayanipun punika sampun sami dipun tata kaliyan Gusti, sedaya samukawis punika pakaryanipun Gusti sanes pendamelanipun sacara kamanungsan.

Ing salebeting gesang punika, kita saged ngraosaken sakathahing ewah – ewahan. Pikantuk punapa kemawon kadang mboten kepanggih nalar. Dipun pitados lan dipun paringi kebak tanggel jawab, kita kedah nggadhah raos andhap asor bilih Gusti Allah nggadhah rancangan kang endah kangge kita lan sedayanipun namung manut karsanipun Gusti Allah piyambak.  (Itha).

 “Kula mung saged manut karsanipun Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak