Waosan : Mustikaning Kidung 4 : 9 – 5 : 1 | Pamuji : KPJ 4
Nats: “Kowe gawe dheg-dhegane atiku,….“ [ayat 9a]
“Sampean kog ayu dina iki dek!”, “Yuh wangine kangmasku!”. Tetembungan punika tamtu sekeca dipirengaken kuping. Sinten to ingkang mboten remen pangalembana? Tamtu manungsa punika remen dipunelem, punapa malih dening kekasihing ati.
Kados dene panganten kakung ngalembana panganten putri ing waosan punika. Panganten kakung mbandingaken pengantin putri kalian nikmat alam peparingingipun Gusti ingkang ndadosaken penganting kakung dheg- dhegan.
Tegesipun pengantin kakung punika mangertos bilih pangalembana punika dados perkawis ingkang wigati. Pangalembana ingkang nengsemake ati nuwuhaken kepercayaan diri ingkang dados modal dasar anggenipun nglampahi pigesangan. Pangalembana dadosaken tetiyang punika semangat, lan katresnanipun tetep tuwuh lan mboten gampil semplah awit nyumerepi bilih kekasih atinipun tansah sumadya dukung.
Sarujuk kalian tembung endah punika “1000 mengsah ngasorake kawon dening 1 pangalembana kekasih ati “. Tegesipun pangalembana punika dados wujuding dukungan ingkang paring motivasi lan kakiyatan ingkang ageng pengaruhipun. Makaten ugi kosok wangsulipun. Senadyan 1000 kanca mbombong ati, nanging kekasih ati nyakiti, lungkrah semplah badan lan ati.
Kathah pasangan suami istri ingkang kagodha tumindak selingkuh krana mboten gadhahi malih raos dheg-dhegan tumrap pasanganipun. Benten kaliyan nalika taksih pacaran. Nalika taksih pacaran sami asung alembana. Nanging nalika sampun bebrayatan asring sami padu lan tembungipun manasaken kuping. Makaten ugi para putra kathah ingkang mbalela awit tetembungan tiyang sepuh ingkang mboten paring semangat lan nengsemaken, nanging malah nyakiti batosipun para putra. Kekiyataning tembung punika ageng sanget. Saged ngiyataken, saged ugi damel nglokro. Tinimbang kabucal “Duh ambumu dek kaya kembang suweg” langkung sae “Dek adusa supaya kowe wangi kaya minyak narwastu”. Bilih ing waosan punika kahanan pengantin putri ingkang dadosaken dheg-dhegan pengantin kakung, sampun ngantos ing bebrayatan, semah, putra, lan wayah kita ngraosaken dheg-dhegan krana “jantungan” mireng tembung kita. Gusti amberkahi. Amin. [Sv]
“Ati-ati karo lathi”