Tansah Setya Pancaran Air Hidup 9 Oktober 2025

9 October 2025

Waosan: 2 Timotius 1 : 12 – 17  |  Pamuji: KPJ. 352
Nats: “Apa kang wus kokrungu saka aku iku antepana, dadia tuladha piwulang kang bener-becik lan lakonana sajroning pracaya lan katresnan ana ing Sang Kristus Yesus.” (Ayat 13)

Wonten saperangan greja saking maneka denominasi ing satunggal desa. Sampun limrah bilih warga grejanipun sami ngabekti mawi tata caranipun piyambak-piyambak. Nanging nalika banjir nerak desa punika, para warga greja punika kanthi spontan sami manunggal, mbikak posko darurat lan resik-resik griya para warga kanthi gotong royong. Sadaya punika dipun tindakaken tanpa koordinasi formal. Namung sih katresnanipun Sang Kristus ingkang ndadosaken warga greja ingkang benten denominasi punika sami nyatunggil kangge mujudaken katresnan. Pitakenipun, kados pundi warga greja mujudaken kasetyanipun dhumateng Gusti Yesus ing satengahing jagad?

Nalika Paulus nyerat layangipun dhateng Timotius, piyambakipun dipun kunjara ing Roma. Paulus rumaos dipun tilar dening para mitranipun. Senadyan makaten, piyambakipun tetep pitados Gusti: “aku sumurup sapa kang dakandelake sarta aku yakin, yen Panjenengane iku kuwaos rumeksa marang apa kang wis dipitayakake marang aku.” (Ay. 12). Nalika ing pakunjaran, wonten Onesiforus, satunggaling tiyang pitados saking Efesus, ingkang nuweni Paulus tanpa raos isin ningali kahananipun rasul Paulus. Onesiforus dados tuladha nyata babagan kasetyan lan katresnan dhateng sadherekipun ingkang nandhang sisah. Sacara ekumenis, Onesiforus dados gambaraning pasamuwan ingkang saged nyengkuyung setunggal lan setunggalipun, tanpa mikiraken bentenipun tradisi utawi identitas. Piyambakipun dados gambaring pasamuwan ingkang setya, mboten namung dhumateng Gusti Yesus kemawon, nanging ugi dhateng sedherek sanes tunggil iman.

Ing jaman sapunika, Persekutuan Gereja-gereja di Indonesia (PGI) mapan dados papan ekumenis ingkang nyata, nglantaraken papan paguyuban tumrap maneka warni greja ingkang benten denominasi, supados saged sesarengan atur paseksi lan ngladosi Gusti. Cariyos Onesiforus punika saged dados inspirasi kangge kita. Minangka perangan Sariranipun Sang Kristus wonten Indonesia, kita sami kautus kangge nindakaken semangat ekumenis ingkang nyata ing satengahing sesrawungan kita. Kita saged nindakaken peladosan lintas greja sarta makarya sinarengan tanpa sekat. Mangga kanthi setya dhumateng Sang Kristus kita mangun paguyuban ingkang manunggal, dados paseksi gesang, lan mujudaken katresnan ing satengahing gesang sesarengan. Amin. [KYP].

“Kasetyan dhumateng Sang Kristus, nyengkuyung sesami tanpa wates.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak