Katresnan Ingkang Tumindak Nyata Pancaran Air Hidup 23 Februari 2025

23 February 2025

Waosan: Lukas 6 : 27 – 38  |  Pamuji: KPJ. 345
Nats: “Kowe sing padha ambek welasan, kaya anggone Ramamu iya ambek welasan.” (Ayat 36)

Ing tahun 2014 wonten berita ingkang ndadosaken geger ing TV. Ade Sara Angelina Suroto tilar donya kanthi kahanan ingkang nrenyuhaken. Piyambakipun kepanggih tilar donya wonten ing margi wilayah Bekasi. Ade Sara punika dados korban rajapati, lan ingkang mejahi inggih punika kekasihipun piyambak. Ingkang ngeramaken nalika sampun kepanggih sinten ingkang sampun mejahi, tiyang sepuhipun Ade Sara inggih punika Bapak Subroto lan Ibu Elisabeth lajeng paring pawartos bilih piyambakipun sampun paring ngapunten dhateng pelaku. Malah Ibu Elisabeth asring nuweni pelaku ing pakunjaran. Nalika dipun wawancara kaliyan pers, Ibu Elisabeth paring wangsulan “Ing kapitadosan kula wonten ajaran bab katresnan. Katresnan punika sanes ukara sifat, nanging ukara kerja. Pramila kedah dipun wujudaken supados wonten maknanipun.”

Kita tamtu sampun asring mireng bab katresnan. Mujudaken katresnan dhateng tiyang ingkang nresnani kita punika gampil sanget. Ugi gampil sanget bilih kita mujudaken katresnan tumrap tiyang ingkang saged maringi ganjaran ingkang langkung sae tumrap gesang kita. Ananging bilih kita nindakaken ingkang mekaten kita sami kaliyan tiyang dosa. Gusti Yesus paring piwucal supados kita saged mujudaken katresnan dhateng mengsah lan nresnani tiyang ingkang sengit kaliyan kita (Ay. 27). Langkung malih Gusti Yesus paring piwucal supados kita nresnani dhateng mengsah kita, nindakaken kabecikan tanpa kagungan pengajeng-ajeng nampi ganjaran (Ay. 35). Bilih kita saged nindakaken ingkang mekaten, kita dados putraning Allah ingkang Mahaluhur.

Gusti Yesus paring piwucal dhateng kita bab katresnan supados status kita ingkang dados putraning Allah punika nyata ing gesang kita. Piwucal bab katresnan punika kedah nyata ing gesang kita saben dinten, supados lumantar gesang kita, asmanipun Gusti tansah kaluhuraken. Lumantar gesang kebak katresnan, tiyang sanes saged tepang kaliyan Gusti kita Yesus Kristus ingkang kebak katresnan ugi. Mangga kita tindakaken gesang kita kanthi gesang ing katresnan, tresna dhumateng Gusti ugi tresna dhumateng sesami. Amin. [GW].

“Mujudaken karakter Sang Kristus ing dhiri kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak