Waosan: Jabur 89 : 1 – 5, 20 – 27 | Pamuji: KPJ. 393
Nats: “Amargi sih-susetya Paduka binangun ing salami-laminipun; kasetyan Paduka jejeg kados langit.” (Ayat 3)
Nalika kula taksih alit, kula nate dipun paringi wejangan dening tiyang sepuh kados mekaten: “Le… ora apa-apa urip bapak mung kaya mangkene: ora berpendidikan, kabeh-kabeh mung saderma cukup. Ning bapak merjuang, supaya kowe bisa dadi wong sing luwih apik saka bapak, dadi wong berpendidikan, ngalami urip sing luwih mulya”. Kula pitados bilih sadaya tiyang sepuh ingkang kagungan putra lan putri, inggih kagungan pangajeng-ngajeng supados putra-putrinipun saged ngalamana nasib ingkang langkung sae tinimbang tiyang sepuhipun.
Kanthi pangajeng-ngajeng kados mekaten, kathah tiyang sepuh ingkang ngupadi nyambut damel kanthi rekaos supados saged paring dedhaharan (unjukan: susu) ingkang sae kangge nyekapi kabetahan gizi putra-putrinipun. Bilih sampun lumebet yuswa sekolah, tiyang sepuh ngupadi supados putra-putrinipun punika saged sekolah, boten namung mapanaken dhateng bangku sekolah ingkang biasa-biasa kemawon, sesaged-sagedipun inggih ngupadi supados putra-putrinipun punika saged lenggah ing sekolahan ingkang paling sae, terjamin mutu lan kwalitasipun. Bilih sampun lumebet yuswa diwasa, tiyang sepuh inggih kepengin putra-putrinipun punika saged nyambut damel ingkang mapan, nggadhahi gesang ingkang mulya. Anggenipun ngupadi punika kalampahan kanthi estu, asring-asring malah mboten peduli kaliyan kawontenan gesangipun piyambak: “Pokok kangge anak kudu sing paling apik.”
Anggenipun Gusti Allah nresnani kita, inggih kadosdene tiyang sepuh ingkang ngersakaken ingkang paling sae kangge anakipun kalawau. Panjenenganipun boten ngetang anggenipun lelabuh, malah-malah karsa nilar kratoning swarga, manjalma dados manungsa, rawuh wonten ing donya kangge nebus dosa-dosa kita. Punika ingkang dipun raosaken ugi dening Prabu Dawud, ingkang paseksenipun saged kita waos ing waosan Kitab Suci dinten punika: “Paduka sampun ngandika: “Ingsun wus karya prajanjian kalawan pilihaningSun, Ingsun wus supaos marang Dawud, abdiningSun. Wijinira Suntetepake ing salawas-lawase, sarta dhamparira Sunbangun nganti turun-tumurun.” Pramila, sumangga kita tansah setya tuhu dhumateng Gusti Allah minangka pratandha sokur kita tumrap kasetyanipun Gusti ingkang sampun dipun wujudaken wonten ing gesang kita sami. Amin. [YEP].
“Boten wonten ingkang saged dados tetandhingan ing bab kasetyanipun Gusti tumrap kita.”