Waosan: 2 Petrus 1 : 16 – 21 ǀ Pamuji: KPJ. 192 : 1, 2
Nats: “Jalaran anggonku padha nyumurupake kowe bab panguwaos lan bakal rawuhe Gusti kita, Gusti Yesus Kristus kang jumeneng ratu, iku ora merga ngandel marang dongenge wong kang ora nyata, nanging aku kabeh iki padha dadi seksi ing bab kaluhurane.” (Ayat 16).
Sinten ingkang nate kapusan? Kula kinten kita sedaya nate kapusan. Sinten ingkang nate kapusan wekdal kita tumbas barang sacara online? Punapa ingkang kita pesen asring mboten sami kaliyan ingkang dipun kintun. Mbok menawi prekawis warninipun, prekawis ukuranipun, malah ugi punapa ingkang dipun pesen babar pisan benten kaliyan punapa ingkang dipun kintun. Lajeng sami nyerat ing kolom komentar saha ngajak tiyang sanes, supados mboten blanja ing online shop punika karana kagolong mboten “amanah”.
Punapa ingkang dipun serat dening Rasul Petrus punika minangka pangenget supados para pitados nggadhahi iman ingkang murni. Iman ingkang murni tamtu kabangun adhedhasar piwulang ingkang leres bab pakaryanipun Gusti Allah lumantar Gusti Yesus. Dene sedaya sampun dipun wartosaken dening para sekabat, ingkang dados saksi: kapijinipun Gusti Yesus, pakaryan, kasangsaran, sarta kamulyanipun Gusti Yesus. Sedaya ugi sampun kaserat ing kitab-kitab para Nabi. Pancen wonten wekdalipun para sakabat ing kahanan dereng jangkep ing pangertosan. Ananging seda, wungu, ngatingal, lan sumengkanipun Gusti sansaya ngiyataken para sakabat dados saksi. Kanthi setya tuhu, tanpa ajrih para sakabat nglampahi timbalanipun martosaken kabar kabingahan punika, tanpa dipun tambahi, dipun kirangi, tanpa apus-apus.
Rawuhipun Gusti Yesus tansah kita anti-anti. Ing wekdal nengga punika kamurnian iman kita dipun uji. Mboten saged dipun selaki ing jaman teknologi internet sapunika ndadosaken kita kabanjiran informasi, kajian-kajian bab kekristenan, bab Gusti Yesus saking kathah sudut pandhang. Kahanan punika saged mbingahaken ananging ugi saged dados sandhungan. Bingah karana kita saged mangertos pandhangan ingkang langkung wiyar. Ananging dados sandhungan menawi sejatosipun sawetawis kajian punika malah ngrisak iman kapitadosan. Mila sumangga kita purun sinau ingkang kathah, kanthi nyenyuwun panuntunipun Sang Roh Suci, supados iman kita sansaya manteb lan mboten gampil kapusan kaliyan ingkang ketingal “meyakinkan”. Amin. [PKS].
“Gusti nyuwun panuntun Paduka supados iman kawula sansaya rosa.”