Waosan: Wahyu 7 : 13 – 17 | Pamuji: KPJ. 170
Nats: “Amarga bakal padha diengen sarta diirid menyang tuking banyu kauripan dening Sang Cempe kang ana satengahing dhampar iku, lan Gusti Allah bakal ngusapi sakehe eluh ing mripate.” (Ayat 17)
Ignatius, Uskup Antiokhia ing abad 2 M nate ngendika, “Ubi Christus, Ibi Ecclesia” kanthi pangertosan: “Ing pundia Gusti Yesus Kristus rawuh, ing ngriku tamtu tuwuh greja.” Greja ing ngriki ateges tuwuhing patunggilan tiyang pitados, mboten namung ateges gedhung greja kemawon. Ukara punika ngajak dhateng kita gesang nunggil kaliyan Sang Kristus saben dinten, sae punika ing brayat, pasamuwan, ugi papan panyambut damel kita.
Waosan kita dinten punika nyariosaken kahanan tiyang ingkang nampi kawilujengan sak sampun ngraosaken gesang ingkang kalimputan ing pepeteng. Iba bingahing manah amargi saged nunggil kanthi sukarena kaliyan sesami ingkang ugi sami-sami nunggil kaliyan Gusti. Kawontenanipun tansah kacekapan lan saged ngraosaken kahanan ingkang ayem. Kados ta kaserat, tiyang ingkang wiwitanipun mboten saged nedha dan ngunjuk, sapunika sampun saged (Ay. 16). Punika sajatosipun sanepan bilih wekdal ngraosaken panandhang tamtu tiyang punika mboten saged nedha lan ngunjuk kanthi jenjem. Sak sampun wonten panuntun saking Gusti Yesus, kahanan gumanti, sampun wonten wekdal kangge piyambakipun ngraosaken manah lan gesang ingkang ayem. Tegesipun, sinten ingkang nampi kawilujengan badhe lumebet ing kahanan ingkang sae. Perlu kauningan bilih waosan punika mboten namung pangangen-angen, nanging punika piwucal bilih sampun dumugi wekdalipun tiyang pitados ngraosaken endahing gesang, sampun dipun reksa lan mboten wonten kasisahan.
Gesang kita mbok manawi asring nandhang karibetan lan mboten sumerep punapa ingkang badhe kalampahan. Wekdal gesang kita namung telas kangge ngrembag lan ngadhepi ruweting masalah. Nanging punapa kita badhe mandeg ing kahanan punika? Mangga jumangkah, amargi sampun wonten janji saking Gusti bilih kita badhe kabekta dhateng kahanan ingkang bingah. Minggu sak sampunipun Paskah punika ngajak kita kangge ngraosaken patunggilan enggal, inggih punika kita saged ngraosaken bingah, mboten ngalami kasangsaran, lan luwar saking pangawulan dosa. Mangga kita ngraosaken bingah lan panuntun saking Gusti. Sampun wonten wekdal kangge kita ngunjuk lan dhahar kangge ngraosaken endahing gesang, nanging, sampun kesupen, sedaya kedah kalandhesan nunggil langkung rumiyin lan pitados dhumateng Gusti Yesus. Amin. [WdK].
“Saestu bingah ndherek Gusti.”