Lelampahan Pancaran Air Hidup 23 April 2023

23 April 2023

Waosan: Lukas 24 : 13 – 35 | Pamuji: KPJ. 446
Nats:Wong loro mau tumuli padha sapocapan mangkene: ‘Atiku rak wis padha ngangah-angah, nalika Panjenengane ngandika marang aku kabeh ana ing dalan lan nalika Panjenengane nerangake Kitab Suci marang kowe lan aku?” (Ayat32)

Tamtu kita nate mirengaken tetembungan ingkang mastani bilih gesangipun manungsa ing donya punika kados dene lelampahan ingkang panjang. Ing satengahing lelampahan punika manungsa saged manggihi maneka werna kahanan ingkang benten satunggal lan sanesipun. Kahanan ingkang benten-benten punika wonten ingkang njalari kabingahan, wonten ugi ingkang dados sumbering kasedihan.

Waosan kita dinten punika nyariosaken bab lelampahanipun kalih sakabat ingkang tumuju Emaus. Kalih sakabat ingkang nempuh lelampahan punika saweg nandhang kasedihan saking prastawa pejahipun Gusti Yesus ing kajeng salib. Amargi kalimputan kasedihan ugi raos ajrih, kalih sakabat punika mboten saged nyumerepi bilih pribadi ingkang nyelaki lajeng nyarengi lampahipun punika Gusti Yesus piyambak. Ing pungkasanipun kalih sakabat punika ngraosaken bilih kasedihan punika ginantosaken dening kabingahan awit manah ingkang ngangah-angah nalika mirengaken Panjenenganipun medharaken Kitab Suci. Kekalihipun sadar bilih ingkang nyarengi lan medharaken Kitab Suci punika Gusti Yesus ingkang sampun wungu saking antawisipun tiyang pejah. Sanalika ugi kalih sakabat punika wangsul tumuju Yerusalem, kangge martosaken bab Gusti Yesus ingkang sampun wungu malih dhateng para sakabat sanesipun.

Kadosdene kalih sakabat ing waosan kita punika, tamtu kita nate nempuh lelampahan pigesangan kanthi manah ingkang kebag kasedihan, kalimputan dening raos ajrih sarta sumelang. Karana namung fokus ing kasedihanipun manah, kita ngantos mboten saged nyumerepi utawi ngraosaken bilih Gusti Yesus punika tansah celak lan nyarengi lelampahan kita. Sinau saking lelampahanipun kalih sakabat punika, sumangga kita tansah ngupadi ngendhaleni dhiri supados kita mboten badhe dipun kuwasani dening mawarni-warni raos kasedhihan lan ajrih. Lan kadosdene kalih sakabat ingkang manahipun ngangah-angah nalika mirengaken pangandika saking Kitab Suci, mekaten ugi kita. Mangga kita tansah ngupadi ngendhaleni diri kanthi kalambaran dening Sabdanipun Gusti ing salebeting Kitab Suci. Mugi dhawuhipun Gusti saged nuntun lelampahan kita kanthi sikep manah ingkang kebak semangat sarta kawicaksanan. Amin. [xie].

“Nalika manah kekes tan kantenan, nanging Gusti paring pitulungan”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak