Waosan : 1 Petrus 1 : 8b – 12 | Pamuji : KPJ. 14 : 1 – 3
Nats: “Awit kowé wis padha tampa sing dadi wohing precayamu, yakuwi keslametané nyawamu” (Ay. 9)
Tamtu kita rumaos tentrem menawi tumbas barang kados hape utawi kendaraan menawi wonten garansinipun. Malah langkung girang malih menawi garansi dipun tukar barang menawi pancen mboten cocok klayan ingkang dipuniklanaken. Mila mboten aneh menawi soal kredibilitas utawi jaminan kepercayaan menika penting. Mliginipun ing dedagangan online kados traveloka, shopee, blibli ugi sanesipun. Ingkang mboten ngakali lan wonten jaminan uang kembali menawi mboten leres pesenanipun lan menika damel remening pelanggan.
Gesang karohanen ugi mekaten, kita para pitados Gusti Yesus tamtu rumaos ayem awit kita menika estu sampun katanggel Gusti Yesus sae ing ndonya lan ugi sasampunipun kita uwal saking alam donya menika. Estu ingkang dipun raosaken rasul Paul menika ugi kita raosaken. Kita sampun pinaringan berkah ndherek lan tepang Gusti Yesus Kristus, estu prasetyanipun Gusti menika ngiyataken kita gesang ing sakmangke lan ugi saklajengipun. Wonten ingkang njamin kaslametan kita ugi nyawa kita. Menika estu ndadosaken was lan sumelanging manungsa ical, nanging kamanungsan kita asring tetep kemawon ngreridhu lan nggodha temahan kita owah gingsir awit saking kahanan ingkang kita alami.
Tetepa lumampah setya awit Gusti Yesus sampun wungu lan nebus umatipun ingkang mboten mangro tingal dhateng Panjenenganipun. Sedaya ingkang wonten ing jagad menika nglaha, ananging kangge umatipun Gusti Yesus Kristus mboten wonten ingkang muspra, krana Panjenenganipun sampun maringi jaminan gesang langgeng temahan kita kakiyataken lumampah gesang ing donya kanthi tatag. Sugeng ndherek ing gesang ingkang kebak ing pangajeng-ajeng lan katentreman. Amin. (LUV)
“Prasetyanipun Gusti menika mboten owah gingsir”