Waosan: Yusak 22 : 10 – 20 | Pamuji: KPJ. 336
Nats: “Laku ngiwa kang krana saka Peor iku apa durung cukup ing ngatase kita; mangka tumeka ing dina iki najis kita iku durung karesikan, kang njalari umate Sang Yehuwah ketaman ing wewelak.” (Ayat 17)
Ing waosan dinten punika, kita manggihi cariyos suku Ruben, suku Gad, lan suku Manasye ingkang mbangun mezbah ageng ing sabrang lepen Yarden. Nalika para sedherekipun ing Israel mireng bab para suku ing sabrang lepen Yarden mbangun mezbah punika, para suku Israel ing tlatahing piyambak kuwatos bilih pambangunan punika badhe dados pamisah lan jalaraning cecongkrahan ing antawisipun bangsa Israel. Nanging, ingkang perlu dipun gatosaken, kados pundi cara bangsa Israel tumindak nalika manggihi kawontenan kados punika? Suku Israel ing tlatah Israel mboten mastani tumindak punika mboten sae salah nglurug. Malahan kosokwangsulipun suku ing Israel ngutus sesulihipun kangge ngrembag bab kawigatosan punika dhateng para sedherekipun ing sabrang lepen Yarden.
Saking waosan punika, kita saged mendet piwucalan ingkang wigati. Sepindah, kita kedah nyambung paseduluran ingkang raket kaliyan sesami kita lumantar komunikasi ingkang sae. Kita perlu matur secara blaka sutha, kangge mbangun pangertosan sesarengan. Tiyang ingkang dereng paham kaliyan pemanggih kita, kita ajak wicanten sacara sae. Kaping kalih, kita kedah pracaya kaliyan pemanggihipun tiyang sanes. Kita prelu mbangun raos pracaya ing antawisipun para umat. Kaping tiga, kita kedah dasari tumindak kita srana katresnan. Punika dados tuladha tata tumindak, murih kita saged nampeni maneka cara penggalih tiyang sanes srana katresnan lan mboten mastani tiyang sanes punika lepat.
Ing wulan pambangunan punika, swawi kita mangun gesang patunggilan ing pasamuwan kita kanthi bakuh, dados papan dumununging umatipun Gusti saged nyatunggil secara kapitadosan kanthi dhasar katresnan lan gotong royong. Kita ugi sumadya sambung rasa lan komunikasi, sami-sami saling pracaya, lan nanggepi prekawis kanthi sih katresnan. Kita saged mungkasi sadengahing panandhang lan sesarengan mbangun Pasamuwan kita, punika dados tetenger purwaning lelampahan gesanging pasamuwan kita tumuju paripurnaning patunggilan kang nyawiji. Amin. [asen].
“Nyambung paseduluran, wigati, sih-katresnan tanda gesang ingkang sanyata.”