Tim Kagunganipun Gusti Pancaran Air Hidup 23 Agustus 2023

Waosan: Yesaya 66 : 18 – 24 | Pamuji : KPJ. 427
Nats: “Ingsun bakal maringi tengeran ana ing satengahe lan panunggalane iku bakal ana kang Sunutus, yaiku para wong kang bisa oncat, marani bangsa-bangsa, …kang adoh kang durung tau krugu kabar bab Ingsun sarta durung tau ndeleng kamulyaningSun, supaya padha martakake kamulyaningSun ana ing satengahe para bangsa.” (Ayat 19)

Punapa panjenengan nate dados perangan satunggaling tim olah raga? Wonten ing satunggal tim olah raga biasanipun nggadhahi katrampilan utawi kakiyatan ingkang benten-benten. Contonipun tim Voli. Tim ingkang solid tamtu nggadhahi pemain ahli. Sinten ingkang ahli bagian tosser, ingkang bagian nyerang lawan, bagian libero, bagian pertahanan ingkang nampi bal saking lawan. Perangan pertahanan punika kedah saged dipun andelaken kanthi posisi punapa kemawon. Kanthi ketrampilan lan kaahlian ingkang kathah punika, tim punika saged kiyat tanpa tandhingan.

Waosan kita punika ngetingalaken semangatipun Bangsa Israel sasampunipun wangsul saking Babel. Gusti Allah purun nampeni saha ndadosaken Bangsa Israel minangka mitra-Nipun malih. Gusti kepareng ngagem sapantha alit Bangsa Israel ingkang uwal saking paukuman dados berkah kangge bangsa-bangsa sanesipun. Senajan namung sapantha alit, Gusti Allah maring tugas ingkang ageng dhateng Bangsa Israel. Bangsa Israel kautus martosaken lampah gesangipun kaliyan Gusti, supados bangsa-bangsa mireng asmanipun Gusti Allah ingkang luber sih katresnan saha kasetyan-Ipun. Sapantha alit Bangsa Israel punika kautus dhateng papan ingkang dereng mireng asmanipun Gusti Allah, kados Tarsis, Pul sarta pulo-pulo ingkang tebih (Ay. 19).Timbalan punika boten ateges lajeng ndadosaken Bangsa Israel boten fokus tata-tata malih tlatah Yehuda saha Yerusalem. Ananging ingkang utami inggih punika martosaken sinten  Gusti Allah.

Mekatena ugi kangge kita, lumantar pasrawungan kita, wekdal pepanggihan kita kaliyan tiyang sanes, mangga kita tansah martosaken sih rahmatipun Gusti Allah dhateng sedherek sanes. Kita ingkang nggadhahi pengalaman piyambak-piyambak sesarengan kaliyan Gusti, sapunika kita kaajak dados tim-ipun Gusti Allah. Mugi kita tansah emut bilih kita gesang ngantos sapunika karana sih kamirahanipun Gusti. Pramila sumangga kita tansah setya martosaken asmanipun Gusti kanthi laku gesang saben dinten. Amin. [PKS].

“Aja mung dadi tim sorak hore, melua kiprah mbabarke asmane Gusti”

 

Bagikan Entri Ini: