Ora Kepenak Dadi Wong Sing Tau Salah Pancaran Air Hidup 23 Agustus 2021

23 August 2021

Waosan: Nehemya 9 : 1 – 15 | Pamuji: KPJ. 52 : 1 – 3
Nats:Turune wong Israel padha misah saka ing sarupaning wong liya bangsa, tumuli padha ngadeg kambi ngakoni dosane tuwin paneraking para leluhure.” (Ayat 2).

Tembung “pakunjaran” punika limrah dipun ginakaken tiyang kangge nyebat papan paukuman kangge tiyang ingkang tumindhak awon. Malah-malah wonten ingkang nggadahi pemanggih bilih papan pakunjara punika, minangka papan kangge paring tenger dhateng tiyang awon ingkang nate mapan wonten ing saklebetipun. Pramila lumantar UU No. 12 Tahun 1995 Pasal 1, pamrintah Indonesia gantos istilah pakunjaran dados “Lembaga Permasyarakatan” karana konsep pakunjaran punika celak artosipun kaliyan tumindhak balas dendam tumrap tiyang ingkang dipun vonis lepat. Kanthi gantosipun tembung pakunjaran dados LP punika, sedaya nggadahi pangajeng-pangajeng supados tiyang ingkang dipun dakwa lepat saged dipun gulawenthah lajeng gadah kesadaran tumrap kalepatanipun, ing wusana saged wangsul dados tiyang ingkang nindhakaken kasaenan tumrap gesangipun pribadi, brayat, lan masyarakat.

Kedah kita akeni bilih taksih kathah tiyang ingkang mboten peduli kaliyan gantosipun tembung punika kanthi tetep ngginakaken tembung pakunjaran. Punapa malih wonten pemanggih tiyang ingkang nate lumebet LP punika, kados-kados tiyang punika mboten pantes nglampahi gesangipun sacara normal sesarengan kaliyan tiyang sanesipun. Senaosna tiyang punika sampun nelangsani kalepatanipun, sampun dipun bina wonten ing LP lan janji dados tiyang ingkang sae, taksih wonten kemawon tiyang-tiyang ingkang paring tenger bilih piyambakipun punika tiyang awon. Pancen ora kepenak dadi wong sing tau salah.

Bangsa Israel nalika dipun pimpin dening Nabi Nehemya kasebat nate nglairaken panelangsan sacara massal sak sampunipun wangsul saking Babil. Kajawi bangsa punika ajrih kaliyan paukumanipun Gusti ingkang badhe dipun tampi bilih mboten mratobat, bangsa Israel nggih rumaos mboten tentrem nalika taksih nanggel kalepatan ingkang dereng rampung ing salebeting gesang. Pramila, sumangga kita purun lan wantun ngakeni lan ngrampungi kalepatan kita. Mekaten ugi kita sedaya minangka umat kagunganipun Gusti, saged ta nampi malih kawontenan sedherek-sedherek kita ingkang saestu kepingin nglampahi gesang enggal ing satengah-tengahing gesang kita. (YEP).

 “Namung panariman ingkang saged memalih tiyang dados sae.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak