Gumunggung Jalari Karisakan Renungan Harian 22 Mei 2018

Waosan :  Purwaning Dumadi 11 : 1 – 9 |  Pamuji :  KPK  61 : 1, 2
Nats:
“Payo padha yasa kutha, nganggo menara kang pucake sundhul langit, supaya jeneng kita dadi misuwur lan kita aja nganthi pating slebar ana ing salumahe bumi.” (Ay. 4)

Manungsa asring gadhah raos gumunggung (sombong) ing gesangipun. Cobi kita gatosaken wonten tiyang ingkang wicanten mekaten, “Greja iku isa ngadeg amarga aku sing ngupaya dana, ijin lan liya-liyane, mula yen greja iki saiki isa tumata apik, iku mau amarga aku.” Tembung mekaten nedahaken tiyang ingkang gumunggung amargi rumaos saged ngedegaken greja. Piyambakipun kesupen bilih greja menika kagunganipun Gusti lan sedaya warga pasamuan. Raos gumunggung punika namung badhe dadosaken crah lan bubrahing pasamuan.

Nalika manungsa ing donya taksih tunggal basa lan tunggal tembung, manungsa kepengin mbangun menara ingkang sundul langit, supados naminipun saged kasuwur ing salumahing bumi. Gusti Allah ingkang pirsa bab punika boten ngersaaken manungsa punika gumunggung. Pramila Gusti Allah lajeng ngisruhaken basanipun manungsa supados antawis setunggal lan setunggalipun sami boten mangertosi basanipun. Kepenginanipun manungsa punika bubrah. Menara Babil ingkang dipun bangun kalawau boten saged kalajengaken.

Saking carios menara Babil kita mangertosi, Gusti Allah boten remen dhateng tiyang ingkang gumunggung. Lajeng punapa ingkang kedah kita lampahi supados gesang kita dados renaning manahipun Gusti Allah?

  1. Kita kedah andhap asor
    Kita kedah rumaos bilih kakiyatan, kapinteran lan kasugihan punika berkah lan sih rahmating Gusti Allah. Menawi kita saged nindakaken pakaryan ingkang migunani kangge pasamuan lan sesami, menika kagem ngluhuraken asmanipun Gusti. Kita kedah ngrumaosi bilih sedaya kakiyatan, kapinteran, kasugihan asal pinangkanipun namung saking peparingipun Gusti dhateng kita.
  2. Kita purun ngajeni tiyang sanes
    Gusti Allah nitahaken manungsa menika dipun paringi kaluwihan lan kakirangan, pramila boten angsal kita gumunggung. Kita kedah ngajeni sesami kita agesang. Srana ngajeni  kita mbangun paseduluran lan kasaenan ing satengahing gesang punika. (AR).

„Ngupayaa panggawean kang nuwuhake katresnan lan aja gumunggung.“

 

Bagikan Entri Ini: