Aja Dadi Gusti Renungan Harian 22 Februari 2018

22 February 2018

Waosan : Rum 3: 21-31 | Pamuji: KPJ 357: 1, 2
Nats:
“Karomaneh Gusti Allah iku apa mung dadi Gusti Allahe wong Yahudi bae? Apa Panjenengane iku dudu Gusti Allahe bangsa-bangsa liya uga? Iya, Panjenengane iya dadi Gusti Aliahe bangsa-bangsa liyane uga” (ay.29)

Ing satengah gonjang-ganjingipun bangsa lan nagari kita, kathah tiyang ingkang rumaos dados Gusti. Rumaos mangertos kaleresan sejati, lajeng ndakwa sanesipun kafir sejati. Rumaos paling bener, lan ndakwa sanesipun keblinger. Rumaos dirinipun ageng lan adi kuwasa. Rumaos dirinipun paling dipuntresnani Gusti, lajeng rumaos suwarga dados milik pribadhi.

Tamtu boten wonten tiyang ngagama, rumaos bilih agaminipun punika mboten sae lan mboten leres. Mesthi boten wonten tiyang ingkang purun iman kapitadosanipun dipunwastani luput lan keblinger. Mekaten ugi kaliyan kita para pandherekipun Gusti Yesus. Kita nggadhahi kapitadosan bilih Gusti Allah milujengaken kita manungsa dosa ing dalem asmanipun Gusti Yesus Kristus. Kangge sok sintena kemawon ingkang pitados kaliyan Gusti Yesus, sarta manut punapa ingkang dados karsanipun Gusti, mesthi badhe nampi kawilujengan. Lajeng minangka tiyang Kristen, punapa mesthi otomatis wilujeng? Dene punapa tiyang ingkang sanes Kristen punika, ateges boten wilujeng? Kamangka ugi sami ngupados kawilujengan.

Pitakenan punika saged kajawab saking reraosan dinten punika. Cetha sanget bilih Gusti Allah kita punika boten namung nresnani satunggal suku bangsa kemawon. Ananging Gusti Allah kita nresnani sedaya manungsa kanthi latar belakang punapa kemawon. Bab kawilujengan punika ugi dados hakipun Gusti Allah pribadi. Mila boten pareng ing antawis kita ndakwa tiyang sanes wilujeng lan mboten wilujeng, dipuntresnani saha dipunsengiti dening Gusti.

Dereng tamtu kita piyambak ugi wilujeng. Punika mboten ateges “meragukan” kawilujengan ing Gusti Yesus Kristus. Ananging nyatanipun, gesang para pandherekipun Gusti mboten langkung sae tinimbang tiyang ingkang mboten tepang lan nyebut asmanipun Gusti Yesus saben dinten. Mila sampun namung ribet mirsani gesanging  asanes ananging langkung prayogi nata gesang miturut karsanipun Gusti saben wekdal. (PKS)

“Uripe dhewe mung peparing,  aja gumunggung lan gampang ndakwa liyan!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak