Tantangan Paladosan Pancaran Air Hidup 21 September 2023

Waosan: 2 Korinta 13 : 1 – 4 | Pamuji: KPJ. 390
Nats: “Para wong kang ing wektu kang kapungkur padha nglakoni dosa, lan sakehe wong liyane, wus dakkandhani luwih dhisik lan bakal dakkandhani sapisan engkas, …” (Ayat 2)

Paladosan wonten ing kebon angguripun Gusti punika sae lan mulya, awit Gusti Allah piyambak ingkang nimbali para tiyang pitados makarya kagem Gusti. Senaosa pakaryan punika sae lan mulya, boten ateges margi ingkang ambah lan dipun langkungi tansah lempeng lan sekeca. Wonten krikil, sela, margi minggah, mudun lan kadang ugi manggihi jurang, ingkang dados pepalang lan pandadar kangge para paladosipun Gusti.

Rasul Paulus salah satunggaling paladosipun Gusti sampun tuwug kaliyan pambengan lan pandadar gesang. Kados waosan kita, Rasul Paulus lelados wonten ing pasamuan Korinta, ing papan punika piyambakipun ngadepi tantangan, pambengan, lan pandadar ingkang saestu awrat. Kenging punapa awrat? Awit kathah tiyang ingkang boten remen lan gething dhateng piyambakipun. Wonten ingkang nuntut pratandha karasulanipun, wonten ugi ingkang nuntut pratandha bilih panguwaosipun Sang Kristus makuwon wonten ing gesangipun. Ingkang boten remen lan gething kaliyan Paulus punika, kathahipun tiyang ingkang sengaja gesang ing saklebeting dosa. Tiyang-tiyang kalawau kados-kados saweg ndadar Paulus punapa piyambakipun wantun lan nggadhahi kawibawan rohani punapa boten. Wonten ing babagan dosa lan kalepatan Paulus boten purun kompromi, Paulus tetap badhe ngleresaken moralipun Pasamuwan ingkang boten tertib.

Kadosdene Rasul Paulus anggenipun lelados Gusti boten kalis saking pambengan lan pandadar, mekatena ugi kita sadaya. Rasul Paulus boten mundur ing paladosan, kita ugi mekaten. Sumangga kita nuladhani Rasul Paulus ingkang dados abdinipun Gusti ngabaraken Injil kanthi pengpengan.

  1. Rasul Paulus ngrumaosi ingkang ngutus ngabaraken Injil Gusti Yesus piyambak. Mila sumangga kita purun dipun agem Gusti lan lelados kanthi pengpengan saha tulus lan iklas.
  2. Pambengan lan pandadar mesthi wonten, sumangga kita pitados bilih Gusti ingkang ngutus inggih Gusti ingkang paring kasagedan lan pitulungan. Sumangga kita ngadepi pepalang lan pandadar kanthi sabar sareh lan sumendhe dhateng Gusti kemawon.

Kadosdene lare sekolah, pambengan lan pandadar punika salah satunggaling ujian, menawi kita saged nglangkungi, kita saged lulus lan punika ndadosaken renaning penggalihipun Gusti. Amin. [Djian].

“Pambengan, alangan, tantangan lan pandadar kedah kita adepi boten dipun singkiri.“

 

Bagikan Entri Ini: