Wicaksana Pancaran Air Hidup 21 September 2022

21 September 2022

Waosan: Wulang Bebasan 21 : 10 – 16 | Pamuji: KPJ. 421
Nats:
“Yen wong ambek memoyok diukum, wong kang ora duwe pangalaman dadi wicaksana, lan yen wong wicaksana diwulang, bakal oleh kawruh.” (Ayat 11)

Kawicaksanan punika penting sanget menggahing pigesangan kita umat manungsa. Kawicaksanan punika saged dipun gayuh lumantar kawruh (pengetahuan) lan pengalaman. Kawruh saged dipun gayuh kanthi sinau ingkang mempeng, lumantar pasinaon formal lan informal. Kathah tiyang ingkang mboten nggadahi pendidikan formal ingkang inggil nanging nggadahi kawicaksanan ingkang ageng. Awit piyambakipun mempeng sinau lumantar punapa kemawon ing gesangipun. Kosok wangsulipun kathah tiyang ingkang nglampahi pendidikan formal ingkang inggil nanging boten nggadahi kawicaksanan ingkang ageng, awit piyambakipun mboten purun sinau saking pengalaman lan pigesangan.

Ing ayat mas kita dipun tedahaken wonten kalih cara ingkang saged dipun cakaken supados tiyang ingkang mboten nggadahi pengalaman saged langkung wicaksan. Kalih cara punika: Sepisan lumantar paukuman ingkang dipun dawahaken dhateng tiyang ingkang ambek memoyok (pencemooh). Manawi piyambakipun nampi paukuman, piyambakipun saged nyadaraken tiyang ingkang boten nggadahi pengalaman. Piyambakipun saged mangertosi bilih dosa punika ngrisak lajeng waspada dhateng panggodanipun si dosa. Kaping kalih, lumantar piwucal ingkang dipun paringaken dhateng para tiyang ingkang wicaksana lan purun sinau. Manawi tiyang wicaksana dipun wucal Sabda Pangandikanipun Gusti, piyambakipun badhe pikantuk kawruh bab karsanipun Gusti.

“Wedi-asih marang Yehuwah iku wiwitaning kawruh, nanging wong bodho padha ngremehake kawicaksanan lan pamerdi.” (WB 1:7). Supados caket kaliyan Gusti Allah punika keputusan ingkang sae lan utami. Kados dene suraosipun kidung pasamuan 128 pada kalih: ”kulo boten nyuwun bandha, tan nyuwun kadrajatan, kang kawula suwun namung, kinanthia ing Gusti…”. Kanthi caket kaliyan Gusti sedaya samukawis saged kita adepi lan kita lampahi kanthi wicaksana lan sae. Pramila sumangga kita nyaket lan nglampahi gesang kita kanthi ajrih-asih dhumateng Gusti. Kita nyuwun pangertosan ingkang sejati, satemah saged pikantuk kawicaksanan ageng ingkang migunani ing pigesangan kita. Satemah ing lingkungan lan alam donya pinanggih tentrem rahayu. Gusti mberkahi. Amin. [SW].

“Katentremaning urip ora gumantung ing okehing bondho, ananging gumantung cara nglakonine”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak