Waosan : 1 Para Raja 22 : 24-40 | Pamuji : KPJ 369
Nats: “… menawi panjenengan dalem saestu kondur kanthi rahayu, Pangeran Yehuwah temtu boten ngandika lumantar kawula….” (ayat 28 a)
Wonten piwucal utawi pitedah ingkang ungelipun alon-alon waton kelakon. Kangge lare jaman now, pitedah kalawau asring dipundadosaken gegujengan utawi dipunartosaken sanes. Contonipun wonten sawatawis lare ingkang alok, “Helloooo, hari gene, lemoot! Yang lemot ketinggalan keleus!” Sejatinipun, boten klentu pamanggih ingkang kados mekaten, awit ing jaman samangke, akselerasi utawi kecepatan merespon dipunbetahaken kangge donya ingkang saben detik punika ngalami ewah-ewahan. Nanging pitedah alon-alon waton kelakon punika dipun pikajengaken dene saben manungsa kedah menep anggenipun mutusaken perkawis. Kedah adhedasar pertimbangan-pertimbangan ingkang kathah. Cekakipun, sampun ngantos grusa-grusu lan sembrana!
Ahab punika ratu ingkang grusa-grusu lan mburu nepsu. Piyambakipun anggadahi rancangan badhe ngrebut Ramot-Gilead. Yosafat, sekabatipun, ratuning Yehuda ngengetaken Ahab supados miwiti rancanganipun kanthi sowan para nabi ing kratonipun guna nyuwun pitedah. Ahab lajeng nyowani lan nyuwun pitedah para nabi ingkang cacahipun 400. Para nabi paring pitedah bilih rancanganipun sang ratu punika sae lan Gusti Allah tamtu ngirid. Ananging wonten satunggal nabi ingkang benten pitedahipun, inggih punika Mikha bin Yimla. Mikha paring pameca bilih sang ratu pinesthi asor. Ahab boten purun nampi pitedah punika lan langkung pitados dhumateng nabi-nabi sanesipun. Kamangka miturut Mikha, 400 nabi kalawau sampun katedhakan roh dora-cara. Ahab boten remen nampi pitedah-pitedah ingkang “negatif” kados ingkang dipunucapaken dening Mikha krana rumaos adigung. Mikha boten saged meksa sang ratu lan namung paring pitedah, “menawi panjenengan dalem saestu kondur kanthi rahayu, Pangeran Yehuwah temtu boten ngandika lumantar kawula.” Wusananipun, Ahab nemahi pejah.
Selaku manungsa, mbok bilih kita asring kados Ahab. Kita mutusaken perkawis namung adhedhasar pertimbangan ingkang sae-sae kemawon tanpa preduli resiko ingkang kedah dipunadhepi lan ingkang badhe muncul. Mila pun sembrana lan pun kuciwa, menawi rancangan kita mleset awit kita adigang, adigung, adiguna. (dix).
“Yen mung ngendelke awake dhewe, manungsa bakal akeh nemu kacilakan.”