Waosan: Yakobus 5 : 7 – 11 | Pamuji: KPJ. 106
Nats: “Kang iku para sadulur, padha disabar nganti tumeka rawuhe Gusti!” (Ayat 7a)
Anak : “Pak, lampu abange dangu sanget ta, sampun kesusu lho niki …”
Bapak : “Le, kudu sabar, yen nekat malah cilaka! Kadang, sabar sawetara kuwi luwih becik tinimbang kesusu malah tiba.”
Anak : “Ning raosipun kados kathah wekdal ingkang muspra lho pak.”
Bapak : “Le, wektu ingkang karaos muspra iku satemene wektu kang nylametake kowe.”
Wicantenan bapak kaliyan kang putra punika karaos bab ingkang sepele, ananging menawi dipun raosaken kanthi saestu, bab punika dados wigati awit manungsa sapunika nglampahi gesang ing kahanan ingkang sarwa “kemrungsung”. Sadaya kagungan klangenan sarwa “instan”.
Bab punika ingkang dados piwucalipun Yakobus bilih gesang – mliginipun gesang ing salebeting iman – punika mboten ateges margi tanpa pepalang. Yakobus paring gambaran cetha kanthi tembung sabar ing prasetyanipun Gusti! Langkung wigati, Yakobus mboten namung nedahaken bab sabar ing gesang sacara pribadi. Piyambakipun ugi mbabar piwucal babagan sabar sesambetan kaliyan sanesipun. Pitedah punika ngatag para tiyang ing wekdal punika awit Yakobus nguningani bilih ing kahanan ingkang awrat lan kebak momotan, asring ndadosaken sadayanipun dhawah ing bab ngasoraken saha ngadili sanesipun. Kasabaran dados piwucal wigati awit lumantar bab punika, sadaya saged ngraosaken tentrem lan saged lumampah sesarengan ing prasetyanipun Gusti.
Kanthi cetha, saged kawastanan bilih kasabaran punika, margi ingkang ndadosaken nyawijining patunggilan. Ing satengahing kahanan ingkang maneka warni – agama, greja, tradisi, kahanan, lsp – sadaya dipun timbali saperlu paring kakiyatan satunggal lan satunggalipun ing salebeting kasabaran lan iman! Gesang punika mboten ateges “lomba”, sinten ingkang paling cepet lan bener, ananging gesang punika lumampah sesarengan kanthi kahanan ingkang maneka-warni tumuju dhumateng Sang Kristus! Kasabaran mboten namung ateges nganti-anti wekdalipun Gusti kagem dhiri pribadi! Kasabaran ugi dados “margining ekumene”, nalika sadaya sumadya mekak kapentingan dhiri, sumadya paring papan lan wekdal tumrap sanesipun lan manteb lumampah sesarengan ing salebeting katresanan. Sadaya kalawau mboten saged dipun alami kanthi “instan”. Sadaya kalawau mbetahaken kasabaran! Kadosdene “lampu abang” ingkang pungkasanipun dados “lampu ijo”, mekaten badhe dumugi ing titi wancinipun bilih kasabaran badhe nganthi sadaya tumuju ing leganing manah lan katentreman. Amin. [gus].
“Sabar iku tandha wong wasis nahan rasa.”