Mangga Bingah-Bingah Renungan Harian 21 November 2020

21 November 2020

Waosan : Jabur 100 : 1 – 5 | Pamuji : KPJ. 431 : 1, 2
Nats: “Pada ngabektia marang Pangeran Yehuwah kalawan sukarena, padha sowan ing ngarsane kambi surak-surak!” (Ay. 2)

Monggo bingah-bingah, memuji mring Allah ingkang paring berkah
kangge putra wayah tuwin buyut canggah
E..e…e kuwi sapa… E..e…e kuwi kanca… E..e…e arep menyang ngendi?
E..e…e arep nderek Gusti… Sembahyangmu apa ya mung dina Minggu (ORA)
Ambeganmu apa ya mung dina Minggu (ORA) Nderek Gusti Yesus saben wektu….

Mangga bingah-bingah punika sanes pepujian ingkang enggal, nanging taksih kathah tiyang ingkang remen nembangaken pepujian punika kanthi mesam-mesem utawi guya-guyu. Bab ingkang mekaten, sababipun ugi benten-benten. Wonten ingkang mesam-mesem amargi pepujian punika sipatipun sumringah, nanging wonten ugi ingkang guya-guyu amargi ngrumaosi bilih piyambakipun ambegan saben dinten nanging namung nindakake pangibadah saben dinten Minggu. Lajeng wonten ing wanci punapa kemawon kita kedah nindakaken pangibadah?

Juru Mazmur ing waosan kita punika, nembangaken pepujian sokur wonten ing ngarsanipun Yehuwah amargi berkah lan sih katresnanipun Yehuwah ingkang langgeng. Juru Mazmur ngajak Bangsa Israel kangge setya mangun lan nindakaken pangibadah kanthi sukarena. Pangibadah dados wujuding raos sokur awit berkah lan kasetyanipun Yehuwah ingkang tansah gumunaken. Ing wekdal punika Bangsa Israel ketawisipun sampun nggadahi relasi ingkang enggal kaliyan Yehuwah.

Kadosdene Bangsa Israel, kita dipun engetaken supados tansah sregep mangun pangibadah ing gesang padintenan kita. Pangibadah ingkang kasebut punika boten namung pangibadah Minggu utawi pangibadah brayat lan komisi, nanging pangibadah ingkang kedahipun saged kita tindakake saben dinten, saben wektu. Punapa wonten pangibadah ingkang saged kalampahan saben wektu? Wonten. Inti pangibadah punika ngluhuraken asmanipun Gusti, saengga sedayanipun tindak tanduk kita ingkang ngluhuraken Gusti Allah saged dados wujuding pangibadah kita. Kadosdene preduli dhateng tiyang sanes lan tumindak sae dhateng sesami, mangun gesang sesarengan kanthi among rasa lan tepa slira. Nresnani tiyang sanes sami kadya nresnani Gusti. Mangga kita tansah saos sokur dhumateng Gusti Allah kanthi bingah-bingah sarana nindakaken pangibadah.(xie)

“Mangun pangibadah kangge ngurupi urip”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak