Waosan : Ibrani 9 : 23 – 28 | Pujian : KPJ. 53
Nats: “Mangkono uga Sang Kristus iya mung sapisan bae anggone ngurbanake sarirane prelu nanggel dosane wong akeh.” (Ay. 28 a)
Ing tahun 1980-an, Indonesia dipun gegeraken kaliyan rajapati/ pembunuhan ing pundi-pundi. Mayit ingkang dipun panggihaken, pejah krana dipun tembak lan dipun lebetaken glangsi. Mayit-mayit punika kalebet para residivis kambuhan. Tembung residivis punika nedahaken bilih tiyang ingkang kasebat residivis punika asring wongsal-wangsul mlebet pakunjaran karana nglampahi tumindak jahat ingkang sami. Artosipun tiyang punika boten purun mratobat malahan sangsaya ndadra anggenipun tumindak jahat.
Rawuhipun Gusti Yesus ing ndonya punika saprelu ngluwari manungsa saking pangawulan dosa. Nanging kadosdene lagunipun Ebiet G. Ade, ing salah satunggal syairipun ingkang mungel: “…yang selalu salah dan bangga dengan dosa-dosa…” Mila syair punika nedahaken bilih manungsa asring remen dhawah wonten ing tumindak dosa. Mungkin karana dosa punika saged ugi kaanggep minangka prekawis ingkang ngremenaken, malah saged ugi dipun agung-agungaken. Contonipun wonten tiyang ingkang remen nyilakani tiyang sanes karana kepingin dipun anggep kendel.
Anggenipun Gusti Yesus ngluwari manungsa saking dosa punika inggih lumantar pangorbananipun ing kajeng salib. Kedah nglampahi seda kalayan sangsara, malah kaasoraken kadosdene para residivis ingkang dipun ukum pejah ing sakiwa tengenipun Gusti piyambak. Ewasemanten kamardikan saking pangawulan dosa punika ugi asring dipun anggep remeh, dipun entengaken : “Ah….mengko yen aku nglakoni dosa, Gusti rak ya bakal ngapura.” Punapa Gusti Yesus kedah wongsal-wangsul nglampahi kasangsaran lan seda ing kajeng salib? Punapa pangurbananipun Gusti sampun mboten wonten artosipun kangge kita sedaya?
Waosan kita ing inggil, kepingin ngajak para umat supados ngraosaken pangurbananipun Sang Kristus. Menawi kita anggep pangorbananipun Sang Kristus punika saestu aji, mila sedaya tumindak gesang kita mesthinipun ugi mujudaken raos urmat ingkang estu, bener lan pener lan boten wongsal-wangsul dhawah wonten ing dosa ingkang sami. (DK)
“Rahipun Gusti saestu aji, datan kena dipun anggep asor tanpa guna”