Waosan: Yehezkiel 34 : 17 – 23 | Pamuji: KPJ. 112
Nats: “Mulane Ingsun bakal nulungi wedhus-wedhusingSun, supaya aja nganti dadi memangsan maneh, tuwin Ingsun bakal dadi hakim ana ing antarane wedhus-wedhus.” (Ayat 22)
Ing Nusa Tenggara Timur (NTT) wonten ara-ara (savana) ingkang wiyar sanget. Pramila pandamelanipun warga kathah-kathahipun ngingu kewan utawi raja kaya, mliginipun lembu. Ing wanci enjing, saben pangon ngedalaken lembu saking kandhang tumuju ara-ara, supados lembu-lembu kalawau saged nedha suket ing ara-ara. Nalika srengenge sampun mingslep ing wanci sonten, para pangon kalawau lajeng ngungelaken suling ingkang benten-benten suwantenipun. Mireng suwanten suling kalawau, lembu ingkang wonten satengahing ara-ara sanalika murugi suwanten suling punika, lajeng mlebet ing kandhangipun piyambak. Sanadyan kathah suwanten suling ingkang mungel, nanging lembu-lembu kalawau apal kaliyan suwanten suling pangonipun. Pramila lembu kagunganipun pangon setunggal lan pangon sanesipun mboten nate klentu awit lembu kalawau sampun apal suwantenipun.
Waosan kita nyariyosaken bilih pangonipun bangsa Israel wekdal semanten, namung “ngengon awake dhewe.” Pangonipun bangsa Israel mboten nggatosaken para menda ingkang dipun engon. Ewa semanten para pangon sami ngunjuk susu lan ngagem sandhangan saking wulu mendha ingkang dipun engon. Malah-malah pangonipun bangsa Israel mboten nulungi nalika menda-menda ingkang dipun engon kamangsa dening sakehing kewan alas. Nemahi kedadosan ingkang kados mekaten, Gusti Allah paring dhawuh dhateng nabi Yehezkiel,“Mulane Ingsun bakal nulungi wedhus-wedhusingSun, supaya aja dadi memangsan maneh, tuwin Ingsung bakal dadi hakim ana ing antarane wedhus-wedhus.” (Ay. 22)
Selaku menda kagunganipun Gusti, kita tansah saos sokur bilih kita kagungan Pangen ingkang saestu nggatosaken dhateng para mendanipun. Gusti mboten nate babar pisan ngulungaken para mendanipun dados mangsanipun kewan alas. Gusti tansah paring kacekapan dhateng kita, para mendan-Ipun. Mekaten ugi kita selaku mendanipun Gusti, kita kedah apal dhateng suwantenipun pangen kita, inggih punika Gusti Yesus. Kita kedah saged mbentenaken pundi suwantenipun Pangon Sejati lan pundi suwantenipun pangon ingkang ala. Pramila ing satengahing ara-ara pigesangan punika, swawi kita ngestokaken sabdan-Ipun Gusti kangge kabetahaning gesang kita kanthi suka lan bingah. Nalika wancinipun Sang Pangon Utama nimbali, kita mireng suwantenipun, temahan kita saged ngempal ing salebeting Kratoning Allah kanthi ayem tentrem. Amin. [har].
“Pangon Utama tansah nyingkirake sakehe kewan galak.”