Waosan: Ayub 29 : 21 – 30 : 15 | Pamuji: KPJ. 346A
Nats: “Wong padha ngrungokake sapituturku kalawan panganti-anti, padha nampani pituduhku kalawan meneng.” (Ayat 21)
Sinten saking kita ingkang manahipun bingah nalika nandhang sakit? Kadosipun mboten wonten. Bilih wonten tiyang punika saestu sampun saged nampi kawontenan sakitipun sarta sampun pasrah dhumateng Gusti Allah sawetahipun. Kanyatanipun kathah tiyang ingkang sambat, gresula, lan gampang emosi nalika sakit, punapa malih bilih sakitipun punika sampun lami lan dereng saras. Awit saking punika, brayat ingkang dampingi kedah kiyat, sabar, lan purun bantu anggota brayatipun ingkang sakit punika.
Waosan kita dinten punika nyariosaken Ayub ingkang wicantenan kaliyan dhirinipun piyambak, kados-kados sampun mboten wonten malih tiyang ingkang purun mirengaken pasambatipun. Ayub ngenget-enget mangsa ingkang sampun kelampahan ing salebeting gesangipun. Ayub ngenget panganthi lan panuntunipun Gusti Allah, ngenget tumindak gesangipun dhateng sesaminipun, ngenget bilih gesang piyambakipun tansah dipun ajeni tiyang sanes. Nanging Ayub sadar gesangipun sapunika sampun benten, piyambakipun mboten saged malih tumindak punapa-punapa kangge tiyang sanes. Ingkang dipun betahaken namung pitulungan lan sih rahmat saking Gusti Allah. Awit saking kasetyanipun Ayub dhumateng Gusti Allah, pungkasanipun Ayub kapulihaken. Gusti Allah mberkahi Ayub berkah ingkang luber.
Yayasan Kesehatan GKJW makarya dados seksinipun Gusti Allah ing bidang kesehatan. Kawontenan rumah sakit – rumah sakit GKJW saged ugi ngalami kahanan kados Ayub ingkang ngadepi gesang ingkang ewet lan rekaos. Ayub saged dados tuladha kados pundi piyambakipun tetap setya ngabdi dhumateng Gusti lan nggadhah pangajeng-ajeng bilih Gusti Allah badhe mitulungi. Mekaten ugi YK, YK kedah tetep nglajengaken peladosan lan paseksinipun ing satengah-tengahing masyarakat. YK kedah tetep setya dhumateng Gusti Allah ingkang mranata sedaya kawontenanipun manungsa, tansah pitados bilih Gusti Allah karsa paring pitulungan lan nyekapi kabetahan YK. Mangga ing pekan sokur YK punika, kita sami dedonga dhumateng Gusti supados kawontenan YK punika saged lestari lan dados berkah kangge masyarakat. Kita pitados YK tansah dipun agem Gusti makarya dados berkah. Amin. [AR].
“Dedonga lan makarya kanthi trusing driya, mbabarken sihing Gusti mring sagung sesami.” (KPJ. 346A)