Aja Wedi Pancaran Air Hidup 21 Juni 2020

21 June 2020

Waosan : Matius 10 : 24 – 39    |  Pamuji  : KPJ. 136
Nats: “Aja wedi marang wong-wong kang bisa mateni raga, nanging ora bisa mateni nyawa, aluwung wedia marang Panjenengane, kang bisa ngrusak karo-karone ana ing naraka, iya jiwamu iya ragamu.” (Ay. 28)

CEO Facebook inggih punika Mark Zuckerberg dipun sebat dados tiyang ingkang paling dipun ajrihi ing donya. Perkawis punika dipunaturaken dening professor saking New York Stren School of Business, Scott Galloway. Kados ingkang kita mangertosi, facebook dados salah satunggaling media sosial ingkang ageng sanget. Punapa malih rikala facebook nindhakaken akuisisi dhateng Instagram lan WhatsApp, sangsaya ageng anggenipun Mark Zuckerberg nguasani media sosial punika. Mark Zuckerberg kagungan panguwaos ingkang ageng, awit milyaran tiyang saged sambung ing media sosial.

Punapa ingkang dipun aturaken dening Scott Galloway pancen ketingal leres, awit Mark Zuckerberg saged mangertosi punapa kemawon ingkang dipunwartosaken ing media sosial. Dados sedaya tiyang ingkang nggagem media sosial kados-kados mboten saged uwal saking “pengawasan” Mark Zuckerberg. Sae tiyang martosaken kasaenan mekaten ugi perkawis ingkang awon, Mark Zuckerberg mangertos. Limrah menawi tiyang nggadahi raos ajrih kaliyan piyambakipun.

Mark Zuckerberg pancen nggadahi panguwaos ing bab media sosial, nanging piyambakipun punika manungsa limrah kados dene kita. Minangka manungsa ingkang limrah, ugi winates, lan tamtu mboten sampurna ing sedayanipun. Punapa kita ugi ajrih dhateng piyambakipun? Gusti Yesus dhawuh, “Aja wedi marang wong-wong kang bisa mateni raga nanging ora bisa mateni nyawa, aluwung wedia marang Panjenengane” (Ay. 28). Saking nats punika, kita sami kaajak ajrih dhateng Gusti Allah, awit Gusti Allah ingkang kagungan panguwaos ingkang ageng sanget. Mboten wonten setunggal kemawon manungsa ing ndonya punika ingkang saged ngawonaken pangawasanipun Gusti Allah. Sampun ngantos kita sami ajrih kaliyan manungsa, nanging mangga ajrih kaliyan Gusti Allah. (SWT).

 “Rahayu wong wedi asih mring Pangeran”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak