Waosan: Lelakone Para Rasul 20:1-16 I Pamuji: KPJ. 368
Nats: „Paulus Tumuli nimbali para murid padha disantosaake atine lan sawise pamitan banjur bidhal menyang Makedonia“ [ay 1]
Ing dolanan sekak wonten bidak-bidak kados ta raja, ratu, benteng, turangga, ugi pion. Pion punika bidak ingkang alit, lampahipun winates sanget dipunbandhing bidak lintunipun. Ananging lumantar pion ingkang kaanggep winates punika kita saged sinau bab gesang ngadhepi kasunyatan. Kaping pisan, amarga alit lan benten kalian bidak lintunipun, pion kedah sayuk karya amrih kiat ngadhepi mengsah, rukun agawe santosa crah agawe bubrah. Kaping kalih, pion saged kasebat prajurit ingkang setya lan wantun pejah, karana wonten ing larikan ngajeng piyambak ngadhepi mengsah. Kaping tiga, amarga kaanggep ringkih, pion asring dipunkorbanaken amrih bidak ingkang ageng slamet. Mila pejahipun pion mboten nglaha. Kaping sekawan, menawi sampun mlangkah, pion mboten nate mundur senaoso mengsah kiat sanget.
Martosaken kawilujengan saking Gusti Allah ugi saged nuladha bidak sekak ingkang alit piyambak punika. Mboten nate mundur senaoso bakal pejah, langkung-langkung bilih strategi ingkang kadamel sae, pion saged dados jalaran kamenangan.
Waosan kita dinten menika ugi nyariosaken peladosan ingkang pantang mundur saking rasul Paulus. Kathah panggenan ingkang sampun dipunrawuhi lan ing ngriku nyebar injil Kristus supados manungsa tepang sinten Juru Wilujeng ingkang estu. Nanging sedaya menika boten gampil. Kathah para muridipun ingkang ciut manahipun. Rasul Paulus lajeng paring kakiyatan lumantar pangertosan ingkang dipun imani supados para muridipun setya tuhu anggenipun mbabaraken kabar kamulyan.
Ing gesang kita ugi kathah bab ingkang ndadosaken awarat. Kawontenan ingkang mboten ngremenaken asring gilir gumantos. Perkawis menika saged nyebabaken kita ciut manah lan mundur saking peladosan. Pramila sumangga ing wekdal punika kita ngupadi kados dene rasul Paulus, pantang mundur, tansah paring kekiyatan dhateng sesami, ugi sayuk rukun anggen kita nunggil tuju ing peladosan. Amin. [Ven]
“Rukun agawe santosa crah agawe bubrah”