Waosan: Galati 4 : 21 – 5 : 1 | Pamuji: KPJ. 351
Nats: “Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan.” (Ayat 1)
Nalika taksih alit, kula asring ningali tiyang ngluku sawah ngangge kebo. Nalika ngluku, kebo punika dipun pasangi alat ingkang dipun wastani pasangan. Pasangan punika dipun pasang ing gulu kebo kalih supados kebo kalih punika saged mlampah sareng. Punika ugi dados sarana supados kebo punika saged mlampah manut pikajengipun bapak tani. Bilih dipun tingali, gesang kados kebo kalih punika kadosipun mboten sekeca karana mboten nggadah kebebasan. Sanadyan lampahipun leres ananging nyanggi momotan lan mboten nggadhah kebebasan.
Mekaten gesangipun tiyang ingkang dereng mardika miturut seratipun Rasul Paulus ing Galati. Tiyang pitados ing kutha Galati punika maneka warni kawontenanipun, wonten tiyang Yahudi, tiyang Yunani, tiyang mardika lan ugi batur. Ananging ingkang dados masalah: tiyang Yahudi ndadosaken Torah minangka identitas ingkang utami. Dados bilih wonten tiyang ingkang mboten nindakaken Torah, punika lepat, mboten tetak punika ugi lepat. Lajeng tiyang Yunani lan sanesipun ingkang mboten nindakaken Torah kados tiyang ingkang lepat. Ing ngriki, Rasul Paulus ngengetaken bilih iman dhumateng Gusti Yesus Kristus punika mboten mbenten-bentenaken antawis tiyang ingkang ngugemi Torah utawi mboten, awit sadaya tiyang pitados katunggilaken ing Gusti Yesus. Punika dados prekawis ingkang wigati supados para tiyang pitados punika mardika, mboten gesang miturut Torah nanging srana iman pitados dhumateng Gusti Yesus lan nindakaken Sabdanipun.
Wonten gesang kita ing wanci sapunika, kita asring taksih manggihi prekawis kados ing pasamuwan Galati. Kita gesang ing pasamuwan taksih wonten kelompok-kelompok ingkang mandeng pranatan dados ingkang paling penting, lajeng gesangipun namung hitam-putih, mboten dipun sarengi kaliyan katresnan. Taksih wonten tiyang Kristen ingkang nggadah pemanggih, “pokoke pitados Gusti Yesus, uripku bakal slamate,” nanging gesangipun taksih tebih saking karsanipun Gusti. Kita punika sampun dipun tebus, sampun mardika, mangga kita ginakaken kamardikan kita srana mbabaraken katresnan awit nindakaken katresnan punika wujud saos sokur kita dhumateng Gusti Yesus. Amin. [BWP].
“Samangkya kita mardika, rinuwat saking dosa, ngegungken bekti mring Gusti wah asih mring sesami.” (KPJ. 351)