Waosan : Galatia 4 : 21 – 5 : 1 | Pamuji : KPJ. 78
Nats: “Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan” (5 :1)
Ing jagad selebriti saweg tenar setunggal artis alit ingkang naminipun Betrand Peto. Piyambakipun kasuwur awit nggadhahi suwanten ingkang sae lan langkung kasuwur malih wekdal dipun adopsi dening Ruben Onsu. Kenging punapa Ruben ndadosaken Betrand putra angkat? Wangsulanipun awit katresnan. Sinaosa putra angkat Ruben Onsu paring kawigatosan lan katresnan ingkang ageng dhumateng Betrand, nresnani kanthi estu kados dhateng putra kandungipun. Dados putranipun Ruben Onsu ndadosaken Betrand luwar saking kathah kasangsaran gesang ingkang sak derengipun dipun raosaken wekdal piyambakipun taksih gesang wonten ing Ruteng.
Nampi katresnan lan kamardikan punika ingkang dipun aturaken Paulus dhumateng tiyang Galati. Nampi katresnan lan kamardikan saking Gusti Allah sinaosa sanes bangsa Yahudi. Kamardikan saking dosa ingkang pinaringaken lumantar rah korbanipun Gusti Yesus. Kenging punapa tiyang Galati ingkang mboten kalebet bangsa Yahudi saged nampi katresnan? Miturut Paulus, karana katresnan lan kamardikan gesang saking Gusti Yesus mboten winates lan mboten saged dipun batesi. Kamardikan ndadosaken manungsa ngabdi dhumateng Gusti kanthi estu lan mboten namung nggatosaken ritual keagamaan ingkang awujud fisik. Rasul Paulus paring pitutur kados mekaten kangge paring kekiyatan dhumateng tiyang Galati. Ing nalika semanten saweg ngadhepi tiyang-tiyang Yahudi ingkang nyebat dhirinipun langkung sah lan pantes nampi kamardikan lan katresnan Gusti Allah awit rumaos dados tedhak turunipun Rama Abraham. Pemahaman kados mekaten ndadosaken tiyang Galati “resah” rumaos bingung bab kapitadosanipun.
Miturut Paulus, ingkang wigatos mboten namung rumaos dados tedhak turunipun Rama Abraham lan otomatis wilujeng. Nanging purun nampi Gusti Yesus lan tansah mbangun turut, tegen ing kapitadosan punika ingkang ndadosaken manungsa saged nampi kamardikaning gesang. Pitutur punika tamtu ugi ngengetaken kita supados tansah bingah awit sinaosa sanes tiyang Yahudi nanging kita pinaringan katresnan lan kamardikaning gesang. Ingkang kedah kita lampahi sakpunika njagi kamardikaning gesang lan ngabdi kanthi estu dhumateng Panjenenganipun. Amin. (DH)
“Matur panuwun Gusti kagem kanugrahan ing sampun kaparingaken.”