Waosan : Ibrani 10 : 1 – 4 | Pujian : KPJ. 118 : 1, 3
Nats: “Torèté wong Yahudi kuwi ora awèh gambaran sing cetha sarta sampurna tumraping prekara-prekara sing sejatiné. Kuwi mung wewayangané prekara-prekara becik sing bakal kelakon.” (Ay. 1a)
Kathah tiyang ingkang sami ngraita bilih tiyang ingkang rikmanipun panjang, tindikan, tatoan, punika tiyang ingkang brangasan, kirang tata, lan asring mboten dipun anggep kaliyan tiyang sanes. Nanging punapa inggih mekaten? Tamtunipun mboten. Wonten saklebeting “talk show”, wonten tiyang kang rikmanipun panjang, panganggone kados “preman”, badanipun kebak tattoo, sandangan khasipun inggih “nyentrik” andamel kostum rocker. Pranyata, panjenenganipun pendita kang paring asma pendita Agus Sutikno. Kanthi tampilan kang kados mekaten nggampilaken anggenipun paring paladosan ing satengah-tengahing masyarakat, mliginipun kang kapinggiraken: anak jalanan, anak para PSK, trans gender, tiyang kang kecanduan narkoba, ngantos tiyang kang kenging HIV lan AIDS (ODHA).
Saben tiyang betahaken kawilujengan. Tiyang sami ngraita bilih tiyang damel dosa saged dipun tebus kaliyan Gusti Allah lumantar korban kang arupi kewan. Korban-korban kang dipunserat wonten ing prajanjian lami mboten saged nebus dosaning manungsa kanthi sampurna. Lumantar korban-korban punika, manungsa dipun emutaken wontening dosa. Kawilujengan kang sejatos rawuhipun namung lumantar pangorbananipun lan sedanipun Gusti Yesus Kristus. Sepisan kangge salaminipun (ayat 10), satunggal kangge tiyang kathah (ayat 14). Kadang kala, tiyang sami nggadahi pamanggih bilih dados tiyang Kristen, sampun cekap, lajeng nganggep:
- Damel dosa mboten menapa-napa, kan dados tiyang Kristen mesti kawilujengaken.
- Mboten nate nderek patunggilan, mboten punapa-napa.
- Mboten nate maos kitab suci lan ndedonga, mboten napa-napa.
- Mboten saged rukun kaliyan sesaminipun, mboten menapa.
Asring manungsa sami kejebak ing salebeting prasangka kang dipun anggep paling bener. Sami kados dene waosan kita samangke sami nedahaken manungsa saged salah sangka anggenipun sami mangertosi perkawis korban lan kawilujengan. Nanging kawilujengan kang rawuh lumantar Gusti Yesus dipun wiwiti kanthi mituhu dumateng karsanipun Sang Rama. Pramila punika, dados tiyang Kristen ugi dipun kanteni kanthi pasrah dumateng karsanipun Gusti Allah mawujud wonten gesang sadinten-dinten kanthi anjagi pola pikir, wicantenan dalah tingkah laku. (Itha).
“Sing sejatine kuwi sing kudu dilakoni”