Waosan: Purwaning Dumadi 44 : 1 – 17 | Pamuji : KPJ. 89
Nats: “Aturane Yehuda: ‘Kawula badhe munjuk punapa dhateng gusti kawula? Punapa ingkang badhe kawula lairaken? Saha kados pundi anggen kawula badhe ngleresaken badan kawula? …” (Ayat 16a)
Punapa kita nate ngalami ujian wonten salebeting gesang kita? Tamtu kemawon kita nate ngalami ujian salebeting gesang, sae punika ing satengahing brayat kita, ing papan pandamelan kita, malah ugi ing pasamuwan. Anggenipun Gusti Allah paring ujian dhateng kita punika kanthi tujuan supados kita sansaya diwasa lan kiyat ngadhepi mawerni-werni kawontenaning gesang. Sadaya punika kangge kabecikanipun kita.
Kacarita ing waosan kita, Yusuf sengaja mrintah dhateng kepala griyanipun supados nyalap tuwung selakanipun Yusuf wonten ing karungipun Benyamin (Ay. 2). Mboten dangu sak sampunipun para sedherekipun Yusuf medal, Yusuf mrintah abdinipun kangge madosi tuwungipun, lajeng kepanggih lan matur para sedherekipun Yusuf punika maling (Ay. 4-6). Para sedherekipun Yusuf sami yakin mboten wonten ingkang nyolong, ngantos wonten ingkang mangsuli bilih kepanggih nyolong, piyambakipun sedya dipun pejahi sarta badhe dados abdinipun Yusuf (Ay. 7-9). Lajeng tuwung punika dipun panggihaken ing karungipun Benyamin lan sadaya sedherekipun Yusuf sami nyuwek jubahipun (Ay. 12-13). Ing ngriku, Yehuda nyuwun supados sadaya sami dados abdi, nanging Yusuf tetep nyepeng yen namung Benyamin kemawon ingkang kedah dados abdi (Ay. 16-17). Kenging punapa Yusuf tumindak mekaten? Yusuf kadosipun kepengin mangertos kados pundi sikepipun para sadherekipun tumrap Benyamin. Tujuanipun Yusuf, inggih punika kepengin ningali punapa para sadherekipun punika sampun owah. Piyambakipun nguji punapa para sadherekipun punika sampun owah ingkang kawontenan gesangipun.
Gusti Allah ngeparengaken kita minangka abdi-Nipun ngalami maneka warni ujian salebeting gesang supados kita saged langkung celak dan mangertosi punapa ingkang dados karsanipun Gusti Allah dhateng kita. Mekaten ujian punika saged kangge nyoba tiyang ingkang badhe kita pitados nindakaken tugas tartamtu, supados kita saged namtokaken tiyang ingkang bener. Mekaten ugi kita kedah siyap dipun uji dening sinten kemawon supados kita saged dados tiyang ingkang dipun pitados. Mangga kita ndedonga mugi-mugi Gusti Allah mucal kita supados kita langkung wicaksana nalika nampi ujian. Amin. [rd].
“Ujian ingkang dipun wenehake Gusti bisa nggawe kita luwih wicaksana.”