Waosan : Pengentasan 19 : 9b – 25 | Pamuji : KPJ. 198 : 1 – 3
Nats: “Kacrita bareng dina kang katelune ing wayah bangun esuk, ing gunung ana gludhug lan bledheg sarta mendhung kang kandel, apadene swaraning kalasangka kang banter banget, temahan wong kang ana ing tarub padha giris kabeh” (Ay. 16)
Saben tiyang mesthi kepengin nampi katresnan utawi dipun tresnani, maringi katresnan lan nresnani, awit gesang tresna-tinresnan ing antawis kita menika nedahaken kamulyanipun Allah dan dadosaken Allah kamulyakaken.
Lumantar waosan kita menika, Gusti Allah nedahaken katresnan lan kamulyanipun. Tetingalan ingkang ngedap-edapi : gludhug, bledheg lan mendhung ingkang kandel, sarta swantenipun kalasangka ingkang sora sanget nyarengi rawuh lan tumedhakipun Gusti Allah ing salebeting latu dateng Redi Sinai, redinipun kalimputan ing pega, peganipun kumelun kados kukusipun pawon, gunungipun gonjang ganjing, sedaya menika katindakaken dening Gusti Allah kanthi gegayuhan/tujuan :
- Nedahaken kasucen, pangwasa, lan kaluhuranipun (Ay. 9)
- Nuwuhaken iman kapitadosan dateng Gusti Allah lan`ngekahaken kekuasaan Nabi Musa abdinipun (Ay. 9)
- Nuwuhaken wontenipun raos ajrih asih dateng Gusti Allah ing manahipun umat Israel, matemah umat Israel boten tumindak dosa (ay. 16;20:20)
- Nandesaken dateng Umat Israel bilih paukuman lan pejah badhe kelampahan dateng umat Israel menawi umat Israel kanthi sengaja boten setya dateng Gusti Allah (ay. 12-25)
Saderengipun Umat Israel sami seba wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, umat Israel kedah sesuci, ngumbah sadanganipun lan boten nyelaki tiyang estri. Sedaya menika nedahaken katresnan lan kemulyanipun Gusti Allah.
Ing gesang kita padintenan katah prekawis ingkang saged kelampahan : bingah, sisah, kacekapan, kacingkrangan, kabegjan, kapitunan, malah bokmenawi bab-bab ingkang karaos awrat sanget, nggegirisi, ngantos kita rumaos boten kiyat nyanggi. Swawi kita sinau pitados bilih sedaya menika perangan saking kawontenan ing pundi Gusti Allah kepengin nedahaken katresnan lan kamulyanipun. Tansah engeta Gusti. Amin (SS).
“Sihing Allah Kang Maha Tresna sung gesang nyata mring kula” (KPJ. 62)